7 partes Concluida Contenido adultoIki kisah katresnan antarane sepasang manungsa nalika jaman kuliah, kisah iki diwiwiti saking kedadeyan sing konyol. Wanita kang ayu rupane iku ora sengaja nabrak Bima, kakak tingkat sing praupane nggawe sapa wae sing nyawang bakal kesemsem, Iya!!, wanita iku Sendiyang Niskala mahasiswa anyar sing saiki lagi melu kegiyatan OSPEK, awit saking kedadeyan iku Bima lan Diyang nyimpen rasa tresna, nanging ora ana sing wani kanggo ngungkapke. Jagad kaya paring restu, Bima mahasiswa pinter sing didawuhi dadi asisten Dosen, jebul oleh tugas kanggo ngajar ana ing kelase Diyang, kisah sesandingane Bima lan Diyang diwiwiti saking kene. Bener jare wong mbiyen "Tresna iku jalaran saka kulina", sapa sing bisa ngelak?, babagan ati iku ora ana sing bisa nebak. Sesandingane Bima lan Diyang mlaku kanthi tanpa alangan, nganthi ana ing sawijining dina, Diyang lan Bima nemoni krikil sing nyandung nganthi nggawe tatu. Sapa sing ora ngerti ngenani mitos KKN?, Iya!! kahanan iku saiki nimpa Diyang, krikil iku wis gawe tatu jeru ana ing atine Diyang, rikala Diyang ngeculke Bima sing kudu ngrampungke kewajibane ana ing KKN. Kasunyatane Diyang iku namung wanita biasa, dheweke ora bisa tumindhak luwih, masio batin lan ragane kasiksa, Diyang namung bisa ngenteni. Awit pancene kodrate wanita iku namung bisa ngenteni lan ora oleh ngejar, nanging apa iki adil?, batine disiksa kanthi alus, nanging tatune mbekas jeru ora ketulungan, apa iki namung kisahku?, apa kudu aku sing ngrasake iki?, banjur kenangapa wanita liya bisa dadi ratu? Nanging aku? Bisaku mung ngajeni awakmu?, sugih sumringah ngarepe, nanging apa ya ngerti kahanan kasunyatane kapriye?. Prihatin? Iya!! Iki Kisahku."