Ainulindale

110 4 3
                                    

Musike Ainur

(Bagian Setunggal)

*taraktaktaktak*

Eee...bumi durung ono, dalange bingung opo sing gonjang ganjing..!

Podo suatu wayah, mung sakjane durung eneng sing jenenge wayah, Eru ingkang dipanggil Illuvatar, nyiptaakke makhluk sing suci, Ainur, lajeng gesang sareng, sadereng ingkang bentenipun tercipta. Lajeng Eru ngomong karo Ainur.

"Hee Ainur, yok kowe kabeh podo nyinden bareng! Mbiyen aku nyinden dewekan, saiki ono kancane. Aku arep nyinden, kowe kabeh do ngiringi yo."

"Inggih ndoro Eru."

"Yowes. Tak itung yo.. Ji..ro.."

"Ndoro Eru.." Manwe mesam mesem.

"Opo le?"

"Nyuwun pangapunten ndoro, mung ngiringi nyinden kemawon? Mboten ngginaken pirantos musik?"

"O iyo. Lali aku. Kene tak ciptakke gamelan..!"

*Eru nyinden*

"Apik yo suarane..enak dirungakke"

"Hush..! Melkor! Ra sopan! Kowe mbok ngomong nganggo boso kromo inggil. Nek Eru krungu piye?"

"Halah Manwe..Eru lak lagi asik nyinden. Ora ora..ora krungu omonganku. Ra sah kewedhen."

*taraktaktaktak dhuerrr..! Muncul gamelan satu set*

"Weh opo kuwi bersinar? Apik men to? Walaaaah."

*Eru selesai nyinden*

"Wes to Aule ojo kampungan. Iki jenenge Gamelan. Alat musik. Wes yo do nyinden. Le, kowe ngiringi gamelan yo. Karo Tulkas."

"Inggih ndoro."

"Oke..yok! Ji..ro.."

"Ndoro.."

"Opoo meneeeeh.."

"Anu..gamelan nipun, cara mainipun kados pundi nggih ndoro?"

"Owalah Auleee le..kowe tak anugerahi kemampuan menciptakeun sing linuwih, kok yo ra ngerti coro main gamelan. Kuwi dipukuli wae. Ko tutuki permukaane. Tulkas! Ko TUTUKI yo! Ojo gebugake. Kowe ki kuat. Ojo nganti rusak!"

"Oh..nggih ndoro"

"Wes? Sopo sing arep takon meneh? Ojo nganti aku lagi asyik, kowe setop mung ono sing ora ngerti!"

"Mboten ndoro Eru..Inggih ndoro Eru" Kabeh Ainur kompak.

"Tenanan? Awas yo..! Yowes yok.. Ji..ro..lu..!"

*gamelan bertalu, Illuvatar karo Ainur do nyinden*

Mula kabeh do nembang nyinden, suwi mung ra ngerti pirang suwi. Mung durung eneng wayah. Kadang do nembang bareng, kadang Eru lan Ainur ngerungakke, kadang Ainur, Eru mung ngerungakke. Suwi suwi dekne kabeh makin akrab siji Ainur karo Ainur liyane.

Lajeng Eru nembang nyinden dewekan, Ainur liyane mung ngerungakke lan terkesima karo keindahan suara nada tembange.

*Eru dhehem (suara guntur)*

"Ehem *gluduk gluduk (echo guntur)*..tembang barusan, aku kepingin kowe kabeh do nembang bareng. Yok podo nembang nyiptaake keharmonisan, nyiptaake tembangan sing uapik tenan. Mergo aku ciptakke kowe kabeh kanggo Geni Lestari, kowe do boleh nembang sakkarepmu, kanggo tenogo karo kreativitasmu dewe. Mung aku ra nembang, aku linggah ngerungakke tembanganmu kabeh, lan bahagia mergo seko tembanganmu badhe lahir keindahan linuwih."

Lajeng Ainur masing masing do nembang. Suarane do apik, koyo suara kecapi, kendang, siter, suling, kabeh membentuk keharmonisan tembang Illuvatar.

*tembangan sinden Ainur berlanjut*

Bersambung.. (dalang minum)

Wayang SilmarillionTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang