Ainulindale (Kalih)

25 1 0
                                    

Musike Ainur (bagian kalih)


*Taraktaktaktak*

Heee..bumi durung ono, mung sekedhap malih gonjang ganjing..!

*Blatak*

Eru ingkang dipanggil Illuvatar nembe nyiptaaken Ainur, lajeng Eru sami Ainur nyinden sareng. Tembangane wuapik, harmonis, merdu. Eru mirengaken kaliyan rena amargi musiknya tiada cacat. Dekne kabeh nembang suwi banget, pancen durung eneng wayah mung suwi. Kowe kabeh do kebayang tho, durung eneng wayah, mung keroso suwi. Kuwi lak suwine suwi buwanget.

Sangking suwine, Melkor nganti bosen.

*turungtungtung*

"...eeeaa~eee~eeooo (nyinden bahasa Ainur) ..uuu~~eeeee..pssst..! ...eeeuuaaaa..pssssssssttttt..!! ..heeeaaaauuu..PSSST! We! ....aaaiiiseee..PSSST! We! Manwe..!" Melkor nyobo manggil Manwe.

(dalem ati "wuasem. Manwe serius banget nembange, dipanggil ra krungu")

"...ee~~u~a...PSST WE! MANWE!"

"...uuu~~iiiooosee...hush! (bisik bisik) opo to Kor, lagi nembang iki, mengko diseneni Eru lho"

"(berbisik) haha, tak pikir kowe budheg. We, aku bosen. Piye yo?"

"Hush..nopo ndang bosen? Jo aneh aneh to Kor."
"Lha piye We, wong iki nembang nyinden suwi ra bar bar, mbuh tujuane opo. Ya bosen no. Mbok musike ganti genre sing liyane. Sing luwih seru ben adewe yo iso joged joged. Macem tembang rock 'n roll opo hip hop ngono lho. Ben adewe kabeh do gaul."

"Halah Koor Melkor.. Tembang rock 'n rol atawa hip hop lak gedumbrangan tho. Nyinden lak enak. Tenang, santai, harmonis. Wes to jo aneh aneh, mengko dijewer Eru tau rasa kowe."

Melkor rodo gelo sodarane nolak ide dekne. Pun dekne kepokso lanjuti nembang nyinden karo ngedumel.

"Ooh..ngono yo. Sodaraku nolak ideku. Kabeh sing liyane yo podo wae. Yowes..tembangane tak gawe ora harmonis! Huh..!" Melkor dalem atine ngedumel.

*Blatak tung dhess*

Kabeh do asik nyinden, tembangane merdu lan harmonis, nanging Melkor mboten kuwawi malih. Dekne tiba tiba ngadeg lan lunga metu.

"Lho Kor, arep nangendi kowe?" Manwe pitaken kala Melkor langkung.

"Aku bosen, cuk! Tak metu wae padane keturon." Melkor mangsul kaliyan lunga.

"Wes ben wae sa'karepe de'e, We." Ulmo nguwawi Manwe.

*blatak*

Jebulna Melkor mlaku metu sing adoh rien, manahanipun dipunkebaki perihal Geni Lestari. Melkor pun madosi datheng samukawis penjuru, sangking setunggal panggen datheng panggen benten, nangipun mboten nemokaken piyambakipun.

"Wah jan..diumpeti nangendi to yo Geni Lestari.. Nek ono lak aku iso luwih kuwat lan iso ngalahke tembangane Eru.. Oooh ngerti aku..mustine diumpeti nang Void. Woo rasakno Eru, Genine tak colong..! Huahahahahahaha"

Lajeng Melkor mlampah datheng Void, mung wuadoh tenan mlakune. Nanging amargi Ainur dados mboten kesel rumaos. Ngantos Melkor ing konten kori Void. Melkor awiti madosi uga madosi, nanging namung kegelapan ingkang dipunpanggihaken. Melkor dados rumaos kesal.

"Piye to. Tak golekne nang nggon nggon kok yo ra ono. Ditaruh nangendi to yo. Asem." Melkor kesal piyambak.

"Wislah..tak balik neh wae. Mengko tak nembang rock dewekan!"

Eru ingkang mbasi saweg nyinden nanging sanguh ngerti menapa ingkang kamanah Melkor.

"Cah gendeng. Percuma ko goleki..wong Geni Lestari kuwi tak simpen dewek." Eru ngebatin kaliyan nyinden.

Melkor ingkang kesel amargo mboten nemokakke Geni Lestari linggah kaliyan ngedumel.

"Ngopo raimu kok mrengut ngono?" Manwe pitaken kala ndeleng raie Melkor. Mung Melkor mboten njawab nanging mendel kaliyan manah.

Jebulna Melkor meneng mendel saweg manah ngrisak keharmonisan tembangane Illuvatar lan Valar liyane.

"Wes kabeh do tak ganggu wae lah!" Melkor mbatin.

*tarataktaktaktak dhus!*

Melkor ngadeg jejeg, mlaku nyedaake Aule sing asik nabuh kendhange.

*pang ketapang! Dung kedundung duut! Dlang pentiuut dut plak kentlang dung duut*

Tepokan harmonis Aule kendel kala Melkor ngadheg ning ngarepe.

"Kene kendhangmu tak silihi sedelok!" Melkor bengok kaliyan ngrebut kendhange Aule.

"Eh lha Kor kok direbut kendhangku? Lagi asyik e." Aule rodo nesu.

"Wes kowe menengo ben aku sing main kendhange" Jare Melkor.

*Dlang tung pak tung dheng tung pak plakplakplakgembhostaktikdutBLUNGdingTUMPAKdungterBLOGOBLOGOditPEOOT*

"Wuadoh Kor kok ancur tho iramane? Kowe mukule asal asalan ngono.He setop Kor setooop mengko Eru duka piyee. Wadooh piye iki piyee.." Aule panik karo nguwel nguweli rambute. Mung Melkor ra peduli, neruske tabuhane.

*slangbumpettiknongbretZIGputnyengBRUTtoktungTUMPLEKblungpentiuuuutBAKIKOKpungliDONG*

Wis pokoke Melkor nabuhe ngasal, pancen niyate ben tembangane Eru dadi kaco lan ruwet seruwete. Jelas wae permainan tembangan Valar sing liyane yo do rusuh ra karuan. Tutukan sarone Tulkas dadi ra jelas, Mandos meneng wae ra nutuli bonange, Varda mumet nyamikaken tembangane, Nienna mbrebes mili uga sedih. Nganti kabeh Valar do meneng ndelokke Melkor nabuhi kendhange kados wong edan.

Illuvatar meneng wae ndelokke Melkor. "Ki bocah mbok menopo yo? Saenake wae ngrebut piranti musik wong liya. Ngerusak tembangan harmonis iki."

Ujug ujug Illuvatar ngadheg jejeg. Kabeh Ainur do ndelokke kewedhen. Mung Illuvatar ngesem kaliyan ngalenggahan tangan kiwanipun. Ujug ujug tembangane ganti, mireng lantunan gamelan ingkang langkung gelis tempone. Tembangan anyar niki Ainur ngupados kaliyan suwanten ingkang kenceng, kajengnipun pambengan Melkor mboten mireng. Nanging Melkor mboten kersa mawon, kaliyan tangan kiwa Melkor nabuh kendhang, tangan kanan ngrebat panggebage Tulkas uga nutuki saron asal asalan. Mboten naming punika sukunipun ugi nyenggol gegere Varda, kajengipun tembanganipun keresahi.

"Ah, wis aku ra gelem nyinden! Aku kesel dirusuhi Melkor!" Varda nesu lan mrengut.

Illuvatar ngadheg jejeg maneh, ngalenggahan tangan tengenipun.

*blatak dung*

Dipunmadya kesemrawutan dolanan melkor mireng tembang ingkang benten. Tembanganipun luwih alus mung tegas. Salebetipun beberapa wayah mireng kalih tembangan ingkang benten sanget. Sijine tembang asal asalane Melkor, sing liyane tembang merdu lan harmonise Illuvatar. Mung Melkor yo ra gelem ngalah blas, kaping kalih tembanganipun nyaut nyautan kados redi njeblug.

"Wes iki bocah ra ngerti nek usahane ngrusak tembanganku sia sia. Dekne ra ngerti nek kabeh ki sesuai karo keinginanku. Yowes kene tak tunjuki kabeh!" Illuvatar mbatin.

Illuvatar ujug ujug ngadheg jejeg malih. Kaping niki Illuvatar keningal ageng uga agung sanget, ngalenggahan kaping kalih tanganipun. Mendadak sedaya suwanten uga tembangan kendel uga mendel.

*Taraktak Dung JESS..!!*

*Bersambung*

Kamu telah mencapai bab terakhir yang dipublikasikan.

⏰ Terakhir diperbarui: Jul 01, 2015 ⏰

Tambahkan cerita ini ke Perpustakaan untuk mendapatkan notifikasi saat ada bab baru!

Wayang SilmarillionTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang