Cerkak Bahasa Jawa

572 3 1
                                    

" Ora Bakal Bali "
Dening : Tuhfatul Ahbab

Isuk iki matahari babar blas ora gelem mesem, srengenge sing biasane nyengat kulitku isuk iki absen dhisik. Sanadyan mendung, tapi semangatku ora melu-melu mendung gawe aku nyambut gawe.

" Koran pak, bu monggo berita tasik anget-angete. Berita hoak, gempa sak piturute, monggo," tak tawarno koran-koran saking agen sing biasane tak rewangi adol, lumayan kasile kenek gae aku mangan. Mobil mendek uga dadi sasaranku.

Jam wis nunjuk pukul 11.00, aku rasa nelangsa amargi koranku lagek ke adol 3 lembar. Aku ngempet lesu amarga kaet isuk urung sarapan. Wetengku tansah muni krucuk-krucuk. Tanganku nyilang nyekel weteng lesuku. Tak rasako sirahku uga mumet. Awakku ngejer uga idep-idep kabeh peteng.

*-*

Aku sadar, tak buka mataku alun-alun. Isih ana sisa-sisa puyeng ana sirahku. Mataku ngawasi atap omah saka genteng. Ana sing bolong nalika mung sitik. Aku masi sekitar, ruangane ora pati gedi. Dindinge saka gedek kang wis amoh. Ning ruangan iki Cuma ana dipan reyot sing tak panggoni. Alase ora kasur, nanging kloso sing wes mbredeli. Bantale uga sarung lempitan.

" Ya Allah aku nang ndi iki? " batinku. Aku was-was wedi nk aku diculik apa dijahati. Aku berusaha ngadek nalika sirahku cenat-cenut. Aku mlaku ana ruangan sebelah. Meja lan kursi loro. Cagake kursi uga kayu bekas. Ning meja kui enek piring ditutupi tutup ompreng sing ora ana danganane. " Muga-muga enek panganan," uniku jero ati. Barang tak buka isine telo godok sing rupane wes ora seger. Aku ora mikir apa-apa. Tak petil telo kui mau lan tak pangan. Urung bar anggerku mangan, enek suara wong mbukak lawang. Atiku plas-plas rakaruan. Pikiranku nandi-nandi. Apa iya kui penculike wes muleh. Aku due pikiran gawe ndelikana ngisore meja. Aku delik ana ngisore meja. Aku delik ana ngisore meja kepasan ana suara wong wedok.

" Assalamualaikum, Mbah Darmi, niki kula ateri maem kangge panjenengan," suarane wong wedok mau lembut, ora ana suara jahat-jahate. Tak pikir wong wedok mau apikan, banjur aku arep metu lan arep njaluk penjelasan aku nang ndi iki.

" Astagfirullah, kowe sapa, le? " wong wedok kui kaget nalika aku muncul ndadak saka ngisor meja. Slamete rantang sing di gawa ora ceblok. Ibu-ibu iku kaya umur 30 tahunan. Kulite kuning resik lan aurane keibu-ibuan banget.

" Assalamualaikum, bu? " aku ngawali karo gemeter.

" Waalaikumsalam, sapa le? " takon ibuk kui.

" Ku..ku kula Dzaki, bu."

" Rene le lunggaha dhisik. Rene ora papa. Aku ora wong jahat. "

Banjur aku lunggoh jejer ibu kui mau.

" Kula nggeh mboten ngertos kepriye kula dhateng griya niki. Wau enjing kula adol koran, nanging kula lesu dereng sarapan banjur kula semaput."

" Oalah, paling Mbah Darmin sing nggowo awakem rene."

" Mbah Darmin niku sinten, bu? "

" Sing nduwe omah iki, le. "

" Lha panjenengan sinten, bu? "

" Aku tanggane, le "

" Nda Mbah Darmin pundi, bu? "

Ibuk kui banjur meneng wae. Ora njawab pitakonku.

" Yowes le, sampeyan mimg kene wae, turuo ning kene. Iki wes bengi. Mbah Darmin wonge apikan. Sesuk lagek pamitan karo Mbah Darmin. "

Banjur ibuke metu aku imboh mangan amargi wetengku lesu ora duwe ampun. Tapi isih ngganjel kenapa ibu kui ora njawab pitakonku nandi Mbah Darmin bengi-bengi. Yaweslah dudu urusanku.

Sakwise mangan aku arep golek udara seger ing njaba. Aku ora ngerti saiki jam piro. Suarane jangkring ndominasi bengi iki. Omah-omah podo lebinan. Hawane adem banget smape bulu kudukku ngadek.

Aku ngantuk banget, aku ngenteni Mbah Darmin ana njero omah wae amarge hawane uga adem. Nanging aku keturon.

*-*

" Le... tangi. Ayo subuhan." Ana tangan nggrayangi awakku alun-alun ngobah-obahno gegerku. Banjur aku jenggilakan tangi. Mataku langsung ngonangi sosok wong lannag tuwo. Rambute ameh puteh sakabehane. Kira-kira umure 50 tahunan. Isih iso ngadek jejeg. Sarungan, kaos puteh kumel, lan ketunan ireng.

' Mbah Darmin?"

" Ayo le subuhan ana surau bareng-bareng. Iki enek sarung siji. " karo meneho sarung.

" Nggih, mbah."

" Padasane ana ngguri omah ya, le "

" Omahem ndi, le?"

" Kula mboten gadah griya. Kula anak jalanan, mbah. Ibu bapak kula sampun kapundhut. Kula mboten ngertos budhe griyane pundi. " jelasku lirih. Ora krasa loh netes ana pipiku.

Mbah Damin nepuk pundakku. " Netep kene ys ors papa, le. Yo itung-itung ngancani Mbahe karo putune mbahe. "

Putu? Tsk pikir Mbah Darmin omah dewe. Tapi alhamdulillah Mbah Darmin apikan. Ora enek salahe munggoho aku netep nak kene karo Mbah Darmin lan putune.

" Nggih mbah matur sembah nuwun. Alhamdulilah."

Aku ngrangkul Mbah Darmin banjur budal menyang surau.

*-*

Jam nunjuk pukul 15.00. kawet mau muleh sholat aku ora ngonangi putune Mbah Darmin. Palingo sekolah.

" Le, mbahe mapak putune mbahe sediluk ya," Mbah Darmin banjur ngetoko pedah unto lan meyang sekolahane putune.

" Nggih mbah. Atos-atos,"

" Assalamualaikum,"

" Waalaikumsalam, "

Tibake tenan, putune Mbah Darmin sekolah.

Matahari ilang ninggal peteng. Mbah Darmn urung muleh karo putune. Aku khawatir mula ana apa-apa nimpa Mbah Darmin lan putune.

" Assalamualaikum," suarane kaya ibu-ibu kalawau wengi.

" Waalaikumsalam, " jebule ibu kui tenan.

" Ndo, awakmu isih nak kene, le? Mbah Darmin durung bali?"

" Durung, bu. Pamit kula kalawau sonten badhe mapak putune nanging sampe sak niki dereng bali. Sekolahe punapa tebe?"

Ibu mau banjur lungguh. Ngawiti cerita, " Ngene le. Mbah Darmin biyen due putu siji, lanang umure 8 tahun. Mbah Darmin sayang banget karo putune. Wong tuwane kapundhut amargi kecelakaan, mula kui Mbah Darmin sayang banget karo putune. Nanging, Bayu, putune Mbah Darmin kapundhut sing nang dhuwur gara-gara kecelakaan wayah muleh sekolah. Sing nabrak mlayu ora kena tanggung jawab. Mbah Darmin ora karuan jiwane. Sing kapisan ditinggal bojone, disusul anak lan mantune, mari kui ditinggal pisan karo putune. Mula Mbah Darmin ora nrimo yen putune wes kapundhut. Mula nagger sore kaet setaun wingi, Mbah Darmin mapak putune, kaya-kaya putune isih urip. Mbah Darmin ngenteni ngarep sekolah putune nanging putune sing dienteni ora bakal bali nganti sak lawase. Mbah Darmin angger kesel ngenteni muleh, tapi sesok sore dibaleni anggone mapak putune. Ngunu sak teruse." Ibu kui nangis, aku uga ngrasako loh ku netes sak pirang-pirang.

Ya bener kaet wingi aku ora ngonangi putune Mbah Darmin. Ya Allah nelangsa temen uripe Mbah Darmin. Aku tansah iso ngrasako apa sing dirasao Mbah Darmin merga aku ya tau kelangan wong sing tak sayangi.

Bengi iki aku lungguh kursi ana ngarep omah karo ngenteni Mbah Darmin bali. Aku duwe niatan netep nang omahe Mbah Darmin, ya itung-itung ngancani lan ngrumat Mbah Darmin. Sapa ngerti aku ning kene iso nbahake atine Mbah Darmin supaya ikhlas nrimo kenyataan. Kenyataan ancen pait tapi ya pie ra pie kudu dilakoni kanthi ikhlas.


You've reached the end of published parts.

⏰ Last updated: Nov 07, 2018 ⏰

Add this story to your Library to get notified about new parts!

Ora Bakal BaliWhere stories live. Discover now