“SEKAR TYAS KINANTHI “
Dening : Priya Alit Kukuh Rahayu
Ya, ing papan iki. Kedadeyan uripku sing maneka warna dadi akeh bumbune cerita . Papan iki, Omah sing gawe aku wegah bali. Bali marang kasunyatane urip kang akeh mega lan prahara.Mula aku ngumbara ngadoh paran, goleki tentreming ati. Pungkasane dak temoni ning papan iki. Tentreming ati sing dak golek ing wektu suwe, merga aku keganjel dening wanita sik gawe aku tansah urip. Pikiranku dadi ngumbara ing wektu adoh kana, jaman nalika aku mudha. Nalika pisanan aku mara Omah iki. Ora akeh sing beda karo apa sing ana wengi iki. Lampu tengah omah isih wae urip ora padhang, saka omah sarungan kain putih tekan saiki durung diganti, pigura fotone maratuwaku Ibu Kinanthi. Bedane saiki dadi ana telung pigura. Banjur aku kok kaya-kaya ngrasa kangen banget karo salah siji sing ana pigura kui.
“ Dhik. Coba yen sliramu isih ning kene ora adoh. Mesthi wae wengi iki aku isa nonton sliramu gladhi. Jejogetan tradhisi, sawetara diselingi esemmu karo lirike mripatmu sing gawe nambah sengsem ati” mbatinku. Dak baleni nyawang pigura mau. Dadi tambah nggrantes atiku. Jaman semana nalika aku mara pisanan, bapakmu tanpa pikir dawa nampa aku. Mbuh merga melas nyawang aku, utawa pancen ana sih wigati sing ditemoni. Merga pas ketemu pisanan kae bapakmu tanpa cubriya sithik-sithika. Pas wektu kuwi aku uga durung reti yen bapakmu kuwi nandhang lara abot. Lelara sing dheweke dewe uga oraa nate kandha karo awakmu. Yo lumrah wae. Sengaraa ana wong tuwa gawe anake nandhang duka. Karepe ki yo anake mesthi kudu bagya mulya. Aku reti le bapakmu lara kuwi ya ora sengaja. Pas aku wus telung wulan manggon ning papan kene iki. Wektu kuwi bubar gladhi beksa kaya biasane aku ndilalah kok pengin ning kamar mandi, ra sengaja pas lliwat menangi bapak sing ambruk. Aku mlayu nulungi banjur dak gawa nng kamare, ning bapak mung munii” Aku isih kuwat, Le. Aku durung wayahe sowan Gustiku. Sesok ana wayahe dhewe aku nemahi kuwi.Nanging ora saiki. Merga Tyas aku kudu gelem sehat lan mari. Aku ora bakal ninggal janji marang bojoku Kinanthi. Janjiku kudu bakal dak lakoni, Le. Kowe aja kandha Tyas yen aku nandhang lara iki yo Le. Aja mbok tambahi beban uripe Tyas saiki. Dheweke kudu isa bangkit saka kahanan iki. Kowe aja nate kandha hlo Le Bagus Jatmika”. Yo, pas wektu kuwi aku reti. Aku kudu nyimpen wadi bapakmu. Sing sanyatane aku dewe ora tega karo sliramu yen ngerti babagan lelara bapakmu kuwi.
Dadi kelingan yen pas wektu kuwi awak dhewe pas cerak-cerake Dhik. Sabendina mesthi gojegan bareng, latian bareng, sing kadhang aku karo kowe ora sengaja padha ngumbar pandhenging mata. Ah, wektu kuwi pancen endah. Nganthi ing pungkasane aku karo kowe nglakoni apa sing kudune ora dilakoni. Aku sing salah merga nresnani putra bendhara lan guruku dhewe. Merga wektu kuwi sejatine kowe lakyo wus dijodokne. Yen ora merga awakmu sing kandha dhewe, aku yo ora bakal wani nglakoni tresna kuwi. Merga aku yo eling aku ki mung sapa. Wong lanang sing wus kelangan semangat urip banjur buwang awak ngadoh paran.
“ Mas Jatmiika. Aku ki emoh. Emoh, Mas. Aku ra tresna karo Mas Agung. Mas ngertenana yo. Aku mung tresna karo sliramu” kandhne Tyas marang aku wektu dheweke dikandhani bapakne yen uwis dijodhokne. Praupane sing katon yen ora trima karo keputusan bapakne. Atiku ki sakjane yo seneng pas wektu kuwi mrga aku ngerti yen Tyas kuwi setya marang tresna lan janjiku. Mung aku ora duwe daya apa apa yen kudu isih manggon ning papan iki. Sapa jal saiki wong lanang sing ora gelem karo wong wadon kaaya Tyas. Ayu wus jelas ora usah takon maneh, pinter nari lan nembang, masak ning pawon uga pinter, tur yo putrane priyayi. Aku yo gumun sakjane ki apa sing didelok Tyas saka aku. Wektu kuwi aku wis bingung kudu piye. Maju nrabas nentang marang guruku kanthi merjuangke Tyas sing dak tresnani. Apa malah ora kelorone mau. Banjur aku milih sing keri. Yo merga aku ora kewanen kudu ngalahi kelorone. Aku maju merjuangke tresnaku kanthi ora ana restu wongtuwane, aku mblenjani janj tresnaku merga aku bekti maraang guruku. Kuwi awal aku milih sing keloro. Ning nyatane sing dak lakoni yo maju merjuangke tresnaku. Ning kamus uripku kui kabeh uwong duwe hak merjuangke apa sing kudu diperjuangke. Kaya aku kudu merjuangke wong sing dak tresnani mau. Mula aku karo Tyas banjur nglakoni apa kang kudune ora dilakoni kanggo ngentukne restu bapakne Tyas yo sing dadi guru lan maratuwaku saiki. Senajan saiki mung gari ana fotone ning papan kene.
Aku malah kaya nambahi memala keluwargane Tyas. Merga durung nganti aku enthuk restu bapakne kanggo pahargyan suci, Gusti malah dikikan nimbali. Aku reti batine Tyas mesthi wae ketatu-tatu merga polahku. Senajan Tyas yo kandha sing salah dudu aku thok. Dheweke yo ngakoni salah, ning yen ora ngana tresnane aku karo Tyas yo ora bakal bisa kasambadan tekan bebojoan. Olehku manggon ning omahe wektu kuwi yo ddurung suwe. Kamangka anggone bapak maratuwaku seda kuwi seminggu sakdurunge nikahanku karo Tyas. Senajan aku reti wektu kuwi Tyas isih nyoba nglilakne ibu maratuwaku Kinanthi sing seda durung ana rong taun. Kok, wus-wus bapakne uga katimbalan. Mesthi waae batine Tyas durung tatag kanthi tenanan. Saben dina anane Tyas mung katon sedihe. Sanajan dheweke gelem guyu, nanging aku reti atine isih ketatu kang jero. Awake ketok ringkih merga radoyan mangan merga tansah kelingan karo keangen-angen. Praupaane katon layu kaya kembang kang wus ilang sari madune, solah bawa sing tanpa daya tanpa kinaya kanggg ngadhepi kasunyataane urip. Aku dhewe uga nganthii melu nandhang sedih. Nanging, aku kudu kuwaat ngadhepi kasunyatan iki. Aku wus duwe tekad yen Tyas kudu balik semangat uripe. Aja nganthi dheweke nandang sedih kewetu-wetu ing tatu dheweke kudu bisa ngguyu, aja nganti wong sing dak tresnani lali cara bungahe ati. Butuh wektu nganti udakara setengah taun. Kuwi uga sing ndaddeake rabiku karo Tyas mundur enem sasi. Merga aku ora tegel nyawang Tyas yen durung siap temenan. Merga akeh sing dadi bedane aku karo Tyas. Babagan agama wus cetha. Aku wegah meksaa dheweke melu aku, ning tanpaa aku meksaa Tyas kandha bakal melu apa kang wwus dadi keyakinanku. Yo reti dhewe, negara ki wegah ngurusi nikah beda agama. Kabeh mesthi Diangel-angel karo pamerintah. Senajan tyas wus kandha yen ikhlas ninggalke keyakinan sakdurunge. Ning atiku tetep ora isa nrima apa sing dak lakoni. Aku ki wong lanang sing paling duraka. Teka mung gawa awak kopong setor nyawa, e malah kaya njalok inten e kaluwarga sing dak parani. Senajan aku reti yen Tyas kui ikhlas tur legawa.
“ Mas. Bapak ibuku wus ora ana. Aku ora duwe sapa-sapa maneh ning donya iki. Kabeh bakal tak pasrahke awakmu. Aku ikhlas lan legawa ninggal keyakinan-ku, aku uga bakal melu marang ngendhi wae paranmu. Aja mbok larani mas atiku iki. Yen aku nangis yo arep kandha karo sapa yen liyane sliramu? Wong liyane sliramu wus ora ana sing takduweni maneh.”kandhane Tyas.
Aku isih meneng wae. Ning jero batin aku tansah pengin nangis banter. Ora tegel ngrungokne Tyas ngomong ngana kuwi. Aku kaya wong lanang paling akeh dosa. Ngrusak tatanan kaluwargane uwong.
“ Mas Jatmika. Ngertenana aku ki mung wanita sing ora bisa apa-apa. Aku iki tulus saka ati tresna karo sliramu. Nganti aku ora manut marang Bapakku dhewe. Yo, merga aku tresna temenan karo sliramu. Sing dak jalok awakmu bisa nrima aku apa anane, bisa mbimbing aku kanthi tulus lan sabar. Aja nganti waleh-waleh ngandhani aku yo Mas”.
“ Iya Dhik. Sepurane aku yen malah nambahi memala ning uripmu. Kandhanana aku uga yen ana salah lupute. Kareben kaluwargane dhewe sesuk bisa bagya ing mulya. Akuu uga durung bisa dadi panutan kaang apiik.Merga aku yo mung manungsa sing adoh saka sampurna. Muga awak dhewe bisa mbangun kaluwarga sing marrdhika lair lan baatin”. Kandhaku jawab omongane Tyas. Sing dumadakan deweke ngekep aku kanti kenceng. Kaya kaya wedhi kelangan tenanan aku karo Tyas wengi kuwi. Aku ngekep Tyas karo mbisiki ing upinge
“ Dhik. Ayo bebarengan nguda rasa jiwa lan raga saklamiya, gawe kaluwarga awake dhewe sing mardhika. Namung pati sing misah raga, nanging tresnaku siji mung kanggo ngancani sliramu tekan patiku”.
Dina mbaka dina mlaku tekan wulan nganthi taun. Ora krasa cepet anggonku sesambungan ngaanti duwe anak ayu. Tyas Sekar kinanthi jeneng anakku. Merga aku duwe pangarep bisa nerusne laku ibune karo simbah putrine.
“ Pak…. Ayo to, Pak. Iki hlo aku wus gawa kembang. Ibu mesthi wus kangen aku” kandhane Sekar sing ngejak aku niliki ibune karo nggeret tanganku. Dhasare isih bocah cilik sing seneeng banget peplayon.
“ iya….iya. Aja mlay mlayu toh, ndhuk”
“ Ibu lagi ngapa yo pak?” pitakone Sekar
“ Yo lagi ora sabar nunggu anake sing ayu dhewe bakal marani ibuke” jawaabku.
Mbasan wus tekan papan e. Hujug-hujug Sekar langsung bengok kaaro mlayu nyedhaki kanthi seneng.
“ Ibu… Ibuku sing paling ayu. Aku kangen ibu je?. Iya Bu aku sesuk wus mlebu kelas siji SD. Dongakke piinter ya, Bu. Aku bakal rajin sekolaah ben pinter lan gawe ibu seneng’.
Aku nonton saka kadohan karo mlaku alon. Mbasan aku wus cerak Sekar uga langsung melu lungguh ning pinggirku. Iya, genep setaun iki Tyas ninggalke aku karo Sekar. Lelara kang gawa wong sing paling dak tresnani kapanggih Gusti. Kanggoku Tyas tetep ora mati. Merga separone Tyas wus ana ning aku karo Sekar. Kembang wus dideleh ning duwur pasareyaan e Tyas karo Sekar. Banjur aku donga macaake yasin karo tahlil. Skar umak umik niroake sakbisane.
“ Dhik. Ra krasa wus setaun wae awakmu ning kene. Sekar wus tambaah gedhe. Ayu kaya sliramu. Saben sabtu uga melu latian sanggar. Anggone nari cepet lan pinter kaya awakmu. Dongakne aku kuwat yo kanggo njaga Sekar.” Ra krasa pipiku wus klebus luh, aku wus ora kuwat ngampet tangis maneh. Ora krasa Sekar wus nng pingirku ngelappipiku nganngo kain e karo muni
“ Aja nangis Pak.digeguyu ibu hlo” karo mesem.
Yo sore kuwi bareng karo surupe srengenge. Setaun kepungkur sak durunnge Tyas lunga niggaal aku. Sing isih dak eling-eling yo welinge sing pungkasaan.
“ Mas. Aku mangkat saiki. Ngapurane ora bisa ngancani tekan Sekar gedhe. Aku tresna sliramu mas” sing diomongake kanthi lirih ning kupingku alon-alon sing paling pungkasan.
-TAMAT-