yoruakira

Lelaguning Aksara
          	
          	Dak sawang-sawang werna rembulan pungkasan
          	Sumebyar lintang wayah wengi
          	Nalika jaman wus maleh padang
          	Lelaguning aksara tansah pepek genep njroning ati
          	Senadyan kowe wus ora kersa nyimak petanda alam
          	Senadyan kowe wus ngadoh saka jagad pakeliran uripku
          	Namung lelaguning aksara tansah saya mancep ing sanubari