Eling-eling wong neng ndunyo
Ngelingono bakale mati
Ojo eling yn arep mati
Kabeh mau ra ono arti
Mati iku mesti tekane
Ambekan pisah karo ragane
Ugo pisah sanak wargane
Banjur pamit kubur parane
No ing kubur banget petenge
Yen wong mau ra ono imane
Malaikat nakokake dhuk neng ndunyo apa gawane
Duh nikmate wong tuwo mati
Senajan ora dikirim roti
Nanging anake do sregep ngaji
Kirim fatihah rino wengi
Duh nikmate wong tuwo ng kubur
Senajan ora dikirim bubur
Nanging anake sregep ziaroh kubur
Kirim fatihah tahlil campur
KAMU SEDANG MEMBACA
Lirik Sholawat
SpiritualAssalamu'alaikum Wr.Wb Kumpulan lirik sholawat dan qasidah lengkap, yang in sya allah akan bermanfaat bagi kita semua terutama para muslimin dan muslimah. Bisa request sholawat:) Sedang dalam tahap revisi ygy😉
