Bab 3 : Ngene Wae Kahanane

200 13 7
                                    

Ngene Wae Kahanane Dening : Kuni Auliya Rahmah

Ups! Gambar ini tidak mengikuti Pedoman Konten kami. Untuk melanjutkan publikasi, hapuslah gambar ini atau unggah gambar lain.

Ngene Wae Kahanane
Dening : Kuni Auliya Rahmah

Arloji ing tangan ngraket kanthi rapet
Tak sawang langit isih katon crah bubrah
Kiwa lan tengen saya abot nggayuh kamardikan
Ing ati kerasa lena lan mendhung saya misuwur

Ewuh tenan rasane
Niyat panggalih mung nyambut gawe
Ewuh pakewuh lan pait getir sing tak rasakake
Nganti kapan kesampir kesandhung darbe

Kepeksa meneh kudu sabar drana
Anggone nyambut gawe supaya nggayuh raharja
Ben urip iki ora ngrasa giris miris
Uga lelara nganti udan tangis

Neptunus, 02 Oktober 2022

Sumber gambar : Foto saking Pinterest

Antologi Geguritan Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang