- ꦠꦿꦼꦱ꧀ꦤꦺꦴꦏꦁꦣꦶꦭꦫꦁ

11 1 0
                                    

"Tresno iku kadang koyo criping telo. Iso ajur nek ora ngati-ngati"

...

Raden Baguswara Narapati, anak nomer siji saka Radja Batara Narapati lan garwane Nyai Ajeng Narapati. Raden Baguswara kondhang amarga raupan wajahe kang bagus lan swarane kang bagus, Radhen Baguswara nduwe calon garwa asmane Puteri Bhanurasmi, dheweke uwis nglakoni katresnan luwih saka setahun. Dina iki Raden Baguswara bakal ngenalne Puteri Bhanurasmi menyang Bapa lan Ibune.

"Duh kang Bagus.. Kula dereng siap pepanggihan kalih Bapa lan Ibu panjenengan" dawuh Puteri Bhanurasmi.

"Mboten punapa-napa dek" bales Raden Baguswara.

Raden Baguswara lan Puteri Bhanurasmi mlebu ing Karajaan Brawijaya. Papan kang mewah, indah lan kebak karo gambar lan lukisan karajaan. Puteri Bhanurasmi kepincut karo gambar Radja Batara kang kepampang gedhe.

Puteri Bhanurasmi lungguh sesandingan karo Raden Baguswara lan adep-adepan karo Radja Batara lan Nyai Ajeng.

"Duh anak ku kang bagus, sapa bocah wadon iki?" takon Radja Batara.

"Bapa, ibu. Kula tepangaken menika inggih punika Puteri Bhanurasmi estri ingkang badhe kula dadosaken semah utawi garwa. Bapa, ibu kula nyuwun restu kalih bapa lan ibu kagem merestui kita dhateng jenjang ingkang langkung saestu" dawuh Raden Baguswara ngenalno Puteri Bhanurasmi.

"Sabamu saka ngendi nduk cah ayu?, sapa bapamu?" takon Nyai Ajeng.

"Kula saking karajaan Banyutunggal, karajaan engkang di pimpin kalian Radja Kuwantoro Mangkunegoro, inggih punika beliau bapa kula" wales Puteri Bhanurasmi.

Radja Batara lan Nyai Ajeng kaget krungu dawuhe Puteri Bhanurasmi, amarga ora bakal ngira wadon ing ngarepe iki anak saka musuh bebuyutan kang mateni Raden Pandhawa lan Raden Gandawasa.

"R-Radja Kuwantoro M-Mangkunegoro?" batine Radja Batara.

"Bapa ora sarujuk karo sesambunganmu, nak. Yen kowe ngerti wong wadon sing arep kok dadekake garwa iku putrine panggedhe kraton sing mateni adhimu loro" dawuh Radja Batara menyang Raden Baguswara.

Raden Baguswara melu kaget krungu pangucap bapane, rasa kuciwa kang wes banjur nylekit marang atine. Ora percoyo yen wanita kang tansah ditresnani iku putri saka panggedhe kraton kang mateni adhine loro.

Raden Baguswara mandang Puteri Bhanurasmi kebak karo pandangan kuciwa "D-dek?"

"Duh kangmas, kula mboten ngerti yen bapa kula kang sampun mateni adhi nipun panjenengan" wales Puteri Bhanurasmi.

"Ora ana sing perlu diterangake maneh, kabeh wis jelas. Adewe mung tekan kene wae" dawuh Raden Baguswara.

Puteri Bhanurasmi sungkem lan nangis ing adepan Nyai Ajeng.

"Ibu, kula mboten ngertos bilih ayahipun kula ingkang sampun mejahi putra panjenengan. Nanging panjenengan kedah ngertos bu, menawi kula nresnani sanget Putra panjenengan" dawuh Puteri Bhanurasmi kebak kuciwa karo dheweke.

Nyai Ajeng banjur ngalih saka wong wadon mau, tanpa disadari, Nyai Ajeng dumadakan duwe rasa dendam marang Puteri Bhanurasmi.

"Prajurit, prawan iki gawanen lunga saka kene, aku ora pengin ndeleng sikile mrene maneh,” ujare Radja Batara kebak dendam.

Prajurit wau ngaturi salam minangka tanda nyetujui dhawuhipun Radja Batara, “Siap, Radja,” ature.

Puteri Bhanurasmi metu karo perasaan kang kroso isin banget lan dendam sing wis wiwit tuwuh ing atine.

“Keluarga Brawijaya, nasib malang nunggu kowe,” batine Puteri Bhanurasmi karo mesem licik.

Swasana ujug-ujug dadi sepi, Raden Baguswara lunga, ninggalake Radja Batara lungguh ing kursi karo mandeng kothong.

Alon-alon Raden Baguswara nyumurupi bapake “Bapa, kula kepareng mlebet wonten kamar,” kandhane.

Radja Batara kang wungu, enggal-enggal manthuk-manthuk, "Inggih, mangga, anakku, ayemkake atimu, sadurunge iku, apa kowe bisa menyang kamar ibumu ndeleng kahanane saiki?" panjaluke Radja Batara.

“Inggih, kula badhe enggal-enggal, Bapa,” wangsulane Raden Baguswara lan langsung lunga saka papan kono.


Nyai Ajeng lungguh lincak ing kasur karo nyekeli foto.

“Bocah nggantheng kok uripmu koyo ngene to le?” kandhane Nyai Ajeng karo ngrangkul foto mau.

thok thok thok
Swara thothok-thothok lawang, ndadak Nyai Ajeng ngusapi eluh kang mili ing pipine.

Raden Baguswara mbukak lawang "Ibu, kula badhe mlebet pareng?" pitakone.

Nyai Ajeng manthuk-manthuk, “Inggih mangga, Nak,” kandhane.

Raden Baguswara rawuh lan lenggah ing sandhinge Nyai Ajeng. Raden Baguswara nglirik foto sing dicekel ibune banjur mesem karo foto kasebut. Nanging mesem alon-alon ilang.

“Ibu, nyuwun pangapunten, awit kula ingkang njalari sadaya punika kedadosan, menawi kula ngertos bilih wanita menika putri saking panggedhening kraton mengsah, kula mboten badhe nyelaki piyambakipun,” ujare Raden Baguswara kebak. saka getun.

Nyai Ajeng mesem "iya nak, ora apa-apa. Muga-muga mbesuk kowe oleh wanita sing luwih apik," ujare Nyai Ajeng sinambi ngelus-elus sirahe Raden Baguswara.

“Wis, saiki kowe bali menyang kamarmu, kowe ngaso, kowe mesthi kaget karo kedadeyan mau, tenangake pikiranmu, Nak,” pitakone Nyai Ajeng lan Raden Baguswara setuju.


Witing Tresno Jalaran Saka KulinoTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang