Kidung Nimas Kinasih

3 1 0
                                    

Kanjeng sindung rawuh, ngalem penggalih kang bekakrah
Saratri muwun, Nimas kebacut sumarah
Bebasan dirgantara palimengan, kasepen tanpa lintang
Priyoga kisma, Nimas dunga jalaran rekasa

Sarira lumuh, ngudi swara tangis kang lirih
Kidung jumbuh, Nimas sumeleh uga ajrih
Tetembangan netra suda, kinasih ing pungkasane purwa
Gumantung pangajabing nendra, Nimas kelangan sekabehane sukma

Salatiga, 29/05/24

You've reached the end of published parts.

⏰ Last updated: Jun 03 ⏰

Add this story to your Library to get notified about new parts!

Kidung JawaWhere stories live. Discover now