2

387 7 0
                                    

Your vote and comment are so precious for me 😍
.
                            *****

"Dadi……….”

kriiiiiinggggg….kringgggggg.kringgggggg jam pelajaran pertama segera
dimulai anak-anak dimohon masuk kekelas masing – masing.

Aku nguyu amarga krungu bel ,lan
madep Anissa sing lagi mecucu amarga critane kepedhot bel melbu.

” Wis ,wis mengko
gampang di sambung maneh”ucapku supaya lega atine Annisa.

” Janji ,ya pokoke istirahat kowe
kudu ngrungoke critaku ,soale pentiiiiiing banget Vi”.

”iya-iya “,jawabku karo nyiapke buku
Bahasa Indonesia.

“Di tempat duduk ,siap gerak. Berdoa Mulai , Kepada ibu guru beri salam
“,ucap Fajri ketua kelas ku.

Sakwise Bu Betty rawuh lan lungguh ning kursi.”selamat pagi bu…”,(ngucap kanthi bareng-bareng).

Ora let suwe bel ngaso pertama kumandang , ndadeake Anissa seneng
banget.

Swasana ning kantin rame banget,amarga kantin iku panggonan sing rame nalika lagi
istirahat.Yo tho?

Sakwise pesen Mie Ayam lan Es Teh aku luru lungguhan karo Anissa.

”Dadi,mau isuk aku mangkat sekolah kaya biasane".

" Nah,ning tengah dalan mobil ku mogok".

" Pak Slamet bingung amarga ora cedhak bengkel “,Anissa mulai crita kedadean mau isuk.

”Terus piye ,kok kowe bisa
mangkat gasik temen?,takonku penasaran marang Annisa.Umahe Anissa iku rada adoh saja sekolahan.

”Nah ,pas aku arep numpak angkot ana motor ireng sing mandheg ning jejer mobil ku,aku bingung lan penasaran amarga sing numpak nganggo helm ireng “.

motor ireng,sapa ya?,batinku melu bingung lan penasaran.

”Jebule motor ireng iku,motore Mas Randi!”.Aku kaget sak mono uga Karo wong-wong sing Ning kantin amarga suarane Annisa.Aku uga-uga njaluk ngapura, duh Annisa Annisa.

                 ********
Mas Randi?? Hayo siapa????? Penasaran nggak yuk lanjut 😁 .Eits sebelum lanjut pencet bintang dulu boleh lah 😅😅

ARJUNATempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang