Surat An-naba' iku surat makkiyyah ayate akehe patang puluh.
(١-٢-٣)
(Wong-wong Quraisy padha takon-tinakon ing bab perkarane Qur'an kang kagawa dening kanjeng nabi) :Apa iku perkara kang kanggo tokan-takonan dening wong-wong Quraisy?
Ora liwat iya iku Al-Qur'an kang uga mengku katerangan bakal anane dina Ba'ats lan liya-liyane.
Kang nalika iku nimbulake pasulayan : Wong-wong mukmin padha iman, percaya kabenerane. Wong-wong kafir padha ingkar, ora percaya marang kabenerane.
(٤-٥)
Ojo kaya ngono! Wong-wong kang padha ingkar, dheweke mesti bakal padha weruh yakin tumrap apa kang bakal kedadiyan (iya iku tumekane dina Ba'ast)Ora susah takon-takonan, dheweke bakal padha ngeyakinake tumekane dina Ba'ast.
(٦-٧-٨-٩-١٠-١١)
Wong-wong kafir isih ora padha percaya bae marang bakal tumekane dina Ba'ast.Malah-malah dheweke padha muni-muni --
Apa kuwasa Allah ta'ala nguripake uwong-uwong kang wus mati? Sapira kekuwasaane Allah ta'ala?
Dijawab :
Opo ora padha ngerti? Allah ta'ala wus nitahake bumi, minangka dadi lemek. (upama ora ana bumi arep manggon endi dheweke?)
Allah ta'ala nitahake gunung-gunung, minangka dadi pacal bumi. (kepriye polahe manungsa, upami bumi iki tansah gonjang-ganjing?)
Allah ta'ala nitahake manungsa dadi lanang wadon. (sahingga bisa anak-beranak. Kapriye upami katitahake lanang kabeh, utawa wadon kabeh?)
Lan Allah ta'ala andadekake manungsa, bisa turu, minangka kanggo istirahat. Lan Allah ta'ala andadekake mbengi minangka kanggo nutupi. Andadekake rina, kanggo wektune nyambut gawe.
Iku kabeh kuwasane Allah ta'ala, kang sarwa ngapenakke marang manungsa. (Jajal pikiren, kapriye upama manungsa padha ora bisa turu? Utawa rina terus tanpa mbengi, utawa mbengi terus tanpa rina?)
{•••••••••••••••••••••••••••••••••}

KAMU SEDANG MEMBACA
Al-Ibriz ( الجزء ٣٠ )
SpiritualBelajar isi Al-Qur'an Juz 30 . . . . Note : Bahasa Jawa