Rohis

3 0 0
                                    

Saben dina, sak durunge mulih saka sekolah aku leren shalat sek ing langgar sekolah supaya ora kesusu ana ing dalan. Ora namung aku kang leren shalat ndhisik. Kanca-kanca liya kang omahe adoh-adoh, ugi shalat ndhisik sak durunge bali.

Wayah aku nguculi sepatu, ana adhik kelas nyerak. "Mbak Puspa sibuk boten? Menawi boten kula badhe matur sekedap, sak bakda shalat mangke" tembunge Nanda marang aku. "Ora dhik, aku lagi sela kok" jawabku. "Okay mbak, menggko ya, aku ya arep shalat sek". Kang tak sauri ya, lajeng aku nglampahi shalat ashar.

Bakda shalat, aku nunggu Nanda ana ing aula langgar. "Piye Nda?" takonku marang Nanda. "Kelas kalih welas wonten wekdsal sela boten nggih, benjang Sabtu? Niki kanca-kanca badhe nganakake mentoring mbak. Menawi saged, mangke kelas kalih welas ngisi materi pripun carane ngawontenake kegiatan study banding ing pondo pesantren mbak, kayata proker rohis tahun wingi." Jelase Nanda dawa.

"Kayake isa. Soale ana kinten-kinten kang melu pemadatan pelajaran peminatan, jam 9 esuk ing sekolah. Tapi yo mung tertentu tok".

Rohis kuwi salah sawijining organisasi kang ana ing SMAGA. Rohis kuwi cendhekane saka Kerohanian Islam. Tugase yaiku nangani masalah kegiyatan keagamaan, agama islam kang ana ing SMAGA. Kayata bab kan ditakonke Nanda iki, proker iki lagi wae ana tahun wingi, pas jaman kepemimpinane angkatanku. Studi banding ana ing pondo pesantren, kuwi wis dadi kepenginanne Pak Sinar, lan Pak Ubai selaku pembina Rohis. Mula kanca-kanca sak angkatan mikir piye carane proker kuwi bisa mlaku. Alhamdulillah proposal kang diajuke ing sekolah wayah kuwi ditampa kanthi apik dening bapak kepala sekolah, ugi wakil kepala sekolah bidang humas lan kesiswaan. Mula kuwi proker studi banding iki bisa dilampahi ana ing taun wingi. Mugi wae taun iki ya bisa ana studi banding kaya taun wingi, lan jumlah peserta kang melu isa tambah okeh, ora kaya taun wingi kang terbatas tok kuotane gur 50 siswa.

"La sampeyan saged boten mbak?" takone Nanda. Kang tak jawab isa, merga aku ya arep menyang sekolahan kanggo melu pemadatan. "Saged nggih mbak, mangke kanca-kanca tak kandani, yen kelas rolas saget ngisi mentoring minggu iki. Wau mbak Rika, Mas Aris, Mas Udin, kalih liyane nggih sami saged mbak. Senajan wonten kinten-kinten ingkang boten saged" jelase marang aku. Aku manthuk-manthuk tok.

Awal mula aku melu oraganisasi iki merga ana mas-mas ketua Rohis wayah kuwi kang nulung aku pas masa orientasi. Wayah kuwi, siswa anyar diwenehi wektu 20 menit kanggo ishoma. Aku bingung arep merga ngombeku ntek, yen tuku mesti ora nyandak kanggo sholat barang. Jarak kantin karo auditorium kuwi adoh banget. Pucuk ngarep, karoan buri pol. Durung meneh antri shalat. Nah pas kuwi ana mas-mas ngendhika ana ing ngarep kelas. "Ana sing arep nitip ora? Aku ameh ning kantin" takone ana ing ngarep kelas. Kanca-kancaku pada meneng, mung mbak-mbak, lan mas-mas kang ana ing kelas kang nitip. Nanging mbuh kepiye aku ngacung karo ngomonh "aku nitip banyu nombe botolan mas". Mas kuwi banjur noleh ning aku. "Sapa kowe? Oleh nitip tapi kowe kudu melu organisasiku" Ngendikane pas kuwi. Aku bocah SMA anyar bingung. Organisasi apa kuwi? Nanging aku bingung kudu jawab piye, mula aku mung manthuk-manthuk tok.

Mbak-mbak, lan mas-mas kang ana ing kono pada ngomong "kampanye teros", "promosi los pokoke", lan liya-liyane. Mas kuwi jawab "Sambil menyelam minum air. Wkwkwk" jawabane karo ngakak. Ing wayah kuwi aku ora ngerti mas kuwi sapa jenenge, apa organisasine, nanging aku mung manthuk-manthuk tok. Tapi pas wayah pendaftaran organisasi, lan ekstrakulikuler aku asal dhaptar. Jebule organisasi kang aku dhaptar kuwi Rohis, organisasine mas-mas kuwi. Saka kuwi aku lagi kenal yen mas kang nulung aku nukoke banyu iku Mas Zen, ketua Rohis. Ya wis pancen takdirku mlebu SMAGA kepepet, lan melu organisasi iki. Alhamdulillah saka kene gawe aku krasan lan tresna marang SMAGA, sekolahan pilihan merga kepepet.

"Mbak Salsa, karo Mbak Salwa, terus Mbak Eri melu?" takonku. Bocah telu kuwi karo aku wis kaya bocah kembar. Ngendi wae bareng. Nanging sedina iki mau aku durung nemoni Salwa, mbuh ning ndi bocahe. "Sing saget Mbak Eri rasan mbak. Mbak Shalsa boten saged mbak, jare arep les. Yen Mbak Salwa dereng dipun tembungi, dereng katingal ing masjid niki mau" jawabane Nanda. Aku mung manthuk-manthuk, banjur pamitan bali, merga wis selot sore.

Salwa geneo ya kok ora ketok kawet esuk. Lara apa geneo ya. Pikirku turut dalan nuju parkiran. Ing parkiran aku ketemu kanca sak kelase Salwa, banjur tak takoni. Jare bocah mau Salwa lara. Salwa kuwi bocahe gampang lara, tapi super aktif tinimbang aku, Eri, lan Salsa. Dheweke ya angel kandanane. Dirawehi kesel-kesel ora ngandel. Ditambah dheweke kuwi seneng mangan pedes. Gemes aku karo dheweke. Masalahe yen kumpul ora ana dheweke kuwi ora asik. Sedina gak ketemu ceriwise Salwa kaya ana sing kurang. Kaya dina iki, biasane yen aku mangan ing kantin mesthi kepetuk. Tapi iki mau ora, aku mung ketemu Eri ing kantin, lan Salsa ana ing langgar.

Ikhlas lan LegawaTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang