SNMPTN

7 0 0
                                    

Wayah pelajaran Matematika ana cah OSIS moro ing kelasku. Biasane yen ana bocah OSIS moro ana ing kelas-kelas mesti ana pengumuman khusus, yen pengumuman umum mesti diumumke ana ing TU lewat saund sekolahan. “Assalamu’alaikum bu, kula diaturi nimbali kinten-kinten siswa, diaturi dhateng wonten auditorium” ngendikane bocah OSIS kang teka ana ing kelasku. “Nggih mas, sapa wae bocahe?” bocah OSIS kuwi banjur nyebataken sapa wae kang ditimbali. Jeneng ku ana ing salah sawijining bocah-bocah kuwi. Cacahe ana sewelas bocah.

Aku lan bocah-bocah mau banjur metu kelas, menyang auditorium. Aku ora ngerti ditimbali dhateng auditorium iki arep dikongkon lapo, tapi kurang luwih ana 100 bocah kang ditimbali ing auditorium. Ing kana ugi ana guru BK. Sakwise ngumpul kabeh, guru BK ngendika yen bocah-bocah kang dikumpulke mau bocah-bocah kang lolos kanggo maju SNMPTN tahun 2020. Syarat kanggo melu SNMPTN yaiku bocah kang biji raport semester siji nganti lima apik ana ing sekolah. Sekolahku biasane ngetokake 40 persen saka total sak angkatan. Alhamdulillah aku klebu salah sawijining 40 persen kuwi. Aku seneng banget bisa melu dhaptar SNMPTN. Guru BK menehi ngerti apa wae kang kudu disiapke kanggo dhaptar SNMPTN, kepiye teknis pelaksanaane, lan liya-liyane.

Aku ngrungoke kanthi tenanan, mergo iki salah sawijining kekarepanku. Masuk PTN lewat jalur raport. “Alhamdulillah, aku isa dhaptar SNMPTN, mugi lancar sak kabehane, ya” omongku karo bala kang lungguh ing sisih ku, lan di jawab “Aamiin, aku ya ndongo ngunu”. Aku gak sabar nglampahi tahap-tahapanne.
Nganti lali kenalan, nyuwun pangapunten nggih. Aku Puspa Larasati, bisa ditimbali Puspa. Bocah kelas rolas SMA, ing salah sawijining SMA favorit ana ing Khuta Pati Pesantenan, utawi dikenal Kutha Pati. Awal aku sekolah ana ing kene merga kepepet. Penginku sekolah ana ing SMANDA, nanging ora ketampa ana ing jurusan kang tak senengi. Mula aku ngalih ana ing sekolahan kang isa nampa aku, nganggo biji ku kang apa anane. Alhamdulillah sekolah iki rezekiku, meski awale kepepet sekolah ana ing kene. Saiki aku wis cinta, lan sayang karo sekolah iki. SMAGA, ya kuwi jeneng sekolah kang wis dadi panggonanku sinau telung taun suwine. Ora namung pengetahuan kang tak olehi. Ilmu organisasi, managemen waktu, lan kepiye carane njaga awak supaya tetep fit. Merga saka omah tekan sekolah butuh setengah jam perjalanan, lan sistem full day school kang dianut sekolah gawe aku kudu pinter-pinter ngatur wektu. Ngatur wektu kanggo sekolah, sinau, aktif kegiyatan kang ana ing sekolah, ugi istirahat, lan bantu bapak ibu ana ing omah. Wis ya kenalane, kabeh kuwi tak lakoni kanti seneng, meski ing awal ngrasa kesel.

Aku lan kanca-kanca sak kelas bali ana ing kelas. Teka kana ditakoni Bu Cicik, guru Matematika mau, lan wali kelas XII MIPA 6, kelasku. “diaturi ngapa mau ana ing audit?” takone Bu Cicik. Aku jawab “menika wau ingkang dipuntimbali, siswa-siswi ingkang saged dhaptar SNMPTN ibu”. Bu Cicik ngraosaken syukur Alhamdulillah, merga ana bocah sewelas saka kelase awak dhewe kang bisa melu dhaptar. Aku lan kanca-kanca lungguh ana ing bangku, melu nglajutake pelajaran.

Ora suwe saka pelajaran Matematika, bel tanda ngaso kaping pindo muni. Pelajaran banjur dipun pungkasi, bocah-bocah pada budhal ana sing menyang kantin, ugi ana kang menyang langgar kanggo sholat. Aku lan kanca sebangku ku melu rombongan kang menyang kantin dhisik. Wayah ngaso nginiki, mesti rukuhe kanggo kabeh. Mengko yen akhir-akhir jam ngaso mesti wis rada sepi. Sakliyane kuwi panggone kantin karo kelasku lumayan adoh tinimbang langgar kang ana ing buri kelasku. Dadi mengko yen wis mepet wayah pelajaran maneh ora grusa-grusu bali ana ing kelas. Mlaku tekan kantin wis ana 5 menitan, durung antri pesen mangan, golek bangku, lan manganne. Mula kuwi aku milih menyang kantin, mangan dhisik.

Ana ing kantin aku lan kanca-kanca pada mencar golek mangan dewe-dewe. Aku mandek sak ngarepe bakul soto. “Bu kula soto setuggal nggih” pesen ku. “Inggih mbak, minume napa?” takone ibu kang bantu bakul soto. “Es teh ibu, ese kedik mawon” jawabku. Aku ngenteni pesenanku karo cilang-cileng golek kanca-kanca, pada lungguh ngendi. Aku weruh Hesti kanca sebangkuku wis lungguh ana sak ngarepe bakul sega pecel. Sak wise pesenanku dadi, aku banjur lungguh ana ing jejere Hesti.
“Ing ngendi Hes, liyane?” aku takon karo Hesti kanca-kanca sek liyo. Hesti namung gedek-gedek. Bebarengan karo kuwi, ana balaku loro kan melu lungguh. Jebule Meli, lan Yuni. “Eh Pus, kok mau gak ana Sahal yo, bocah kuwi kan pinter melu Olimpiade Kimia. Kok gak melu SNMPTN sih?” takone Yuni marang aku, merga Sahal kuwi kanca sak organisasiku. “Sahal wis ketampa beasiswa ning ndi ngunu, gak patio ngerti aku”. Yuni namung manthuk, lan Meli ngomong “Hii pintere leh”.

Durung rampung aku mangan, ana swara, “Puspa, melu lungguh ya” Eriana, kanca sak organisasiku. Dheweke karo kancane Selvi yen ora keleru. “ya R, mangga”. Aku karo Eriana kuwi kanca akrab ing organisasi. Riwa-riwi ngendi wae bareng. Pas ana, utawa ora ana kegiyatan ya kulina barengan, meski beda kelas. “Pus, kayake mau aku weruh kowe ing audit, melu dhaptar SNMPTN po?” takone Eriana. “Iya R, Alhamdulillah. La kowe piye? Kowe kan bocahe pinter”. Jawabku rada dawa. “alhamdulillah Pus, aku ya bisa melu dhaptar. Mugi wae pada lancar nganti pengumuman mengko ya. Ketampa kabeh, Aamiin”. Kang tak bales Aamiin karo kanca-kanca kang ana ing meja kuwi.

Sak wise mangan aku lan kanca-kanca pamit menyang langgar. “yok R arep sholat dhisik. Kowe wis sholat durung?”. Jebul Eriana ya durung sholat, banjur pada bareng menyang langgar. Rampung sholat, aku lan Eriana pada pamitan mulih kelas dhewe-dhewe. “Ndisik ya R” pamitku arep bali ing kelas. Aku wegah jam-jam pelajaran bubar ngaso. Jam-jam nginiki biasane wayahe ngantuk. Kawet esuk wis ngrungoke macem-macem guru karo pelajaran. Apa maneh yen gurune kayak wong ceramah, malah kaya digendhengi. Murid-murid tambah ngantuk, malah ana sing wis keturu.
Iseh ana papat jam pelajaran bubar ngaso. Tapi aku wis ora semangat merga pelajaran wayah iki boseni. Swarane guru kang ngulang ora bisa banter, metode pelajaranne kaya wong ceramah, wis mbuh ngendika apa, aku mung nyawang karo meneng, lan mesam-mesem. Yen ora kleru guru iki ana masalah kesehatan ing bagian pita swara, mula kuwi omonge ora banter. Yen bocah sregep mesti mikir kepiye carane supaya bisa krungu. Nanging aku malah ora peduli. Merga ngantuk, aku mikir, piye carane isa merem raketung mung lima menit. Ya ngunu kuwi awakku, kadang ngantuk yen gurune ora asik. Ditambahi awak kang wis kesel kawit pajar persiapan kanggo sekolah, suwene numpak motor, iseh mikir pelajaran ana ing sekolah.

“Anam wis ngipi teka ndi?” ngendikane guru kuwi. Kanca-kanca ku pada guyu ngakak, lan gawe aku kaget, merga wis setengah sadar. Untung durung merem mripatku. Saumpama wis merem, mesti yo isa kena ngendika guru kuwi. Rasa ngantukku ilang, mripatku langsung benter maneh. Wis dadi ciri khas ku, yen kaget wayah ngantuk, ora sida ngantuk. Aku madep buri ngingeti bocah kang di sebut mau. Bocahe namung guya-guyu, lan ngomong “he...he...he... ngantuk bu, wis kesel sekolah kawet isuk”. Pancene guru siji iki kurang perhatian, ya wis terus Anam didukani, karoan kanca-kanca liyane tambah diceramahi, metu saka topik pelajaran. Iki sing ora tak senengi. Kan yo jane gurune mikir, pie carane murid-murid mau ora pada ngantuk, ora malah tambah diceramahi. “Jam piro tho Hes?” takonku marang Hesti kanca sebangkuku. Kang dijawab Hesti karo angob lan ngingeti jam tangane. “Jam siji kliwat limalas menit”. Semangatku tambah buyar, meski yen pelajaran guru kaya nginiki suwene ora eram. Jal guru sing asik, mesti cepet banget jame.

“Assalamu’alaikum Wr. Wb. Maringi atur, dhumateng siswa-lan siswi kelas 12, dipun aturi dhateng Auditorium kagem sosialisasi pelaksanaan ujian, lan sakpanunggalanipun. Kagem bapak ibu guru ingkang mucal wonten kelas 12, supados maringi ijin, ugi dampingi siswa lan siswi dateng Auditorium” pengumuman lewat sound mau gawe benter mripate bocah-bocah kang pada ngantuk. Bocah-bocah pada bungah merga isa bebas saka pelajarane guru iki, lan pelajaran selanjute. Ora luput, aku ya melu bungah. “Alhamdulillah, ora ngrungoke ceramah maneh” ucapku kanti alon, wedi yen gurune krungu.

Ikhlas lan LegawaTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang