Kutha Pahlawan

3 0 0
                                    

Mangsa ketiga sasi lima
Elis eling pitung taun anggone lunga saka Surabaya
Sinambi nyawang kembang kang rinonce endah
Sing arume isih kagambar nganti beda mangsa

Ana kutha pahlawan kang dadi crita
Crita panggone angen-angen kang ngumbara
Wiwit esuk nganti bengi ora ana bedane ramene manungsa
Manungsa saben dina ngebaki dalan
dalan-dalan padhet angkutan lan kendharaan

Elis saka kadohan ngongak wengine Wonokromo
Kelingan yen atine uga nate lara
Lara amarga gandhenge ngeculke dheweke dhemi wong liya

Pangangen ngambar mencok ing kutha pahlawan
Melu dadi seksi yen urip kudu bebrayan
Bebrayan marang kabeh manungsa Masiya wong kuwi ninggal lara

Salma Kurnia, 2022

Kamu telah mencapai bab terakhir yang dipublikasikan.

⏰ Terakhir diperbarui: Oct 06, 2022 ⏰

Tambahkan cerita ini ke Perpustakaan untuk mendapatkan notifikasi saat ada bab baru!

Kumpulan guritanTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang