Mangsa ketiga sasi lima
Elis eling pitung taun anggone lunga saka Surabaya
Sinambi nyawang kembang kang rinonce endah
Sing arume isih kagambar nganti beda mangsaAna kutha pahlawan kang dadi crita
Crita panggone angen-angen kang ngumbara
Wiwit esuk nganti bengi ora ana bedane ramene manungsa
Manungsa saben dina ngebaki dalan
dalan-dalan padhet angkutan lan kendharaanElis saka kadohan ngongak wengine Wonokromo
Kelingan yen atine uga nate lara
Lara amarga gandhenge ngeculke dheweke dhemi wong liyaPangangen ngambar mencok ing kutha pahlawan
Melu dadi seksi yen urip kudu bebrayan
Bebrayan marang kabeh manungsa Masiya wong kuwi ninggal laraSalma Kurnia, 2022

KAMU SEDANG MEMBACA
Kumpulan guritan
RandomKutha Surabaya Mangsa ketiga sasi lima Elis eling pitung taun anggone lunga saka Surabaya Sinambi nyawang kembang kang rinonce endah Sing arume isih kagambar nganti beda mangsa Ana kutha pahlawan kang dadi crita Crita panggone angen-angen kang...