Katresnanku

185 5 0
                                    

Tekamu tansah nggugah atiku

Dak rasake asih tresnamu

Nalika nyawang

Netramu kaya nembus jantungku

Bisa ngadhemke rasaku

Nalika ngregem tanganku

Katon mekar kembang katresnan jroning atiku

Esem manismu nentremke ati

Renyah gemuyumu ngisi dina-dina kang sepi

Ora nyana mung sliramu kang bisa nglenturke atiku sing kaku

Tanpa metung drajat lan pangkat

Amung sliramu kang dadi pilihanku

Tetepa nyandhing dadi sisihanku

Merga sliramu katresnanku

********

Mekaten geguritan dinten menika

Mugi enggal kepanggih lan tetep lestari kang dados katresnane

Vote lan follow nipun ampun kesupen

Pakshe

Jemparing AsmaraTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang