Abote wong kang nandhang branta
Yen awan ra doyan mangan
Wanci dalu tan bisa turu
Amung tansah ginambar wewayangane
Marang wanodya sulistya ing warna
Solah bawane tansah nuju prana
Ruruh pasemone jatmika lelewane
Pindhane sekar nedheng mekar
Angambar ganda arum
Agawe sengseme para kombang
Ambrengengeng pengen angrurum
Pancen pinter ngadi busana
Dhasare manis tur ambudaya
Mula tansah ndudut rasa
Akeh priya kang lara asmara
Aku amung bisa ndedonga
Marang Gusti kang maha kuwasa
Muga sira kang pindha mustika
Bisa sumandhing kajatukrama
*********
Jatuh cinta... 😍😍
Matur nuwun vote n folow ne
Pakshe
KAMU SEDANG MEMBACA
Jemparing Asmara
PuisiTresna, punika obahing raos saking ati kang anggadhahi sipat welas - asih. Ingkang dipun ketingalaken kanthi tumindak kang sae-sae. upaminipun raos gemati, nggatekake, mikir repote liyan, remen tetulung, lan sakpiturutipun. Ingkang ndadosaken raos...