RINDU

89 2 0
                                    


Soroting surya wanci sore

Lumebu saka sela selaning jendela

Tak sawang katon jingga ing sisih kulon

Lamunanku banjur lumayang tumuju sliramu

Eling nalika gandheng asta ing gisiking samodra

Angin sore ngusap pipimu

Katon semburat abang kena sang candhik ayu

Gawe nambahi sengsem rasaku

Tresnaku lan tresnamu sineksen langit sore

Prasetyamu bakal urip sesandhingan nganti delahan

Tak gegem tanganmu karo mesem guyu

Kapan dina kang jinangka bakal teka

Dina trus lumaku

Sawetara wektu kudu pisahan

Merga saka tugas kuwajiban

Amung layang swara tamba kangen sambung rasa

Saben wayah wengi

Tansah gawang gawang citramu

Esemu sajak nggodha ati

Kapan bisa ketemu

Ora mung sliramu anggone ngampet rasa rindu

Semono uga aku

Percaya yen ta aku ora bakal cidra

Ora sah sumelang cah ayu

Tresnaku mung kanggo sliramu

**********

Pakshe

Geguritan yg lagi LDR selamat membaca.

Saya sangat menghargai vote dari anda. terima kasih. 🙏

Kamu telah mencapai bab terakhir yang dipublikasikan.

⏰ Terakhir diperbarui: Jan 27, 2022 ⏰

Tambahkan cerita ini ke Perpustakaan untuk mendapatkan notifikasi saat ada bab baru!

Jemparing AsmaraTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang