Ngambek (2)

672 130 51
                                    

.
.
.
.
Pakdhe Mun: He iki lapo yo!! Omel2an ae. Gek ndang lungguh

Jaehyun karo Doyoung lungguh ng ngisor alias ngeleset, akhir e seng liyane yo melu pisan.

Lek Johnny: Wes saiki ngene. Iki lho mek perkoro galon tok. Sopo seng ndisik i?

JAEDO: DE'E!!! (saling nunjuk)

Enchan: Oalah lek pak lek, mbok yo lek takok ojo ngunu. Yo jelas lah arek e saling tunjuk. Lek takok iku seng nggenah.

Lek Johnny: Lah trs piye?

Enchan: He awakmu ga adu jotos ta?

Markonah: Hamput kon dek

Enchan: Ehehehehe

Dek Iwin: He rek ayo ributo. Aku ga seneng kon damai rek

Bang Yut: Ambe aku ayok win

Dek Iwin: Moh, aku jijik

Pakdhe Mun: He wes ta ga mbleyer ae topik e

Yongyong: Ayo saiki awakmu kabeh maafan. Atase masalah ngene ae diributno.

Jaehyun ambe Doyoung sek meneng2an. Ketimbang pegel, akhir e sak kabeh e ninggal arek 2 iku ng njero.

Lek Johnny: Delok en ae sopo seng njaluk sepuro ndisik i

Dek Iwin: Aku garek ngenteni keributan tok









CAUTION⚠️⚠️
(Ati-ati. Mlebu part iki dapat menyebabkan senyum2 dewe, keri2 dewe, lan gemes2 dewe. Selamat membaca)





















Sementara ng njero sek meneng2an. Moro2 Doyoung nyoba nggarai Jaehyun ambek nyolek i pinggang e.

Jaehyun: Hyung keri lho!

Doyoung: (lambe mingkem maringono nyolek maneh)

Jaehyun: He lapo seh?? Gosah nggarai aku.

Doyoung mandek nggarai Jaehyun. Ga suwe, dibales karo Jaehyun.

Doyoung: Halah kon lak yo pisan ae lho dek (nahan ngguyu tp berusaha masang ekspresi ga seneng)

Doyoung karo Jaehyun tolet2an. Arek 2 iku gaiso ngempet ngguyu dan terjadi perang kelitik2an.

Doyoung: Kon gausah Tsundere ambe aku (ngelitik i de'e ambe meluk de'e teko mburi)

Jaehyun: Yo babah. Kon lak yo Tsundere seh, Hyung. Kkkkkk keri lho hahahaha!!

Doyoung: Bah gaurus

Doyoung karo Jaehyun kelitik2an ambe ketawa lepas. Rasane lego Jaehyun ambe Doyoung ga tukaran maneh.

Jaehyun gantian meluk Doyoung teko mburi maringono ngesun pipine Doyoung.

Jaehyun: (cup) Herrghh gemesh akuu

Doyoung: He kon ojo—

Jaehyun: Opo? Ojo opo? Nge sun ta? Halaaah gosah mbujuk atek nolak barang. Asline yo awakmu seneng kan? Hahahaa

Doyoung ngelepas pelukan e maringono mlayu nang ndukur.

Doyoung: Ayo rinio!! Kejaren aku!! (Smirk

Jaehyun: Ayoo!! Hahahah (smirk)

Jaehyun high tension mode on. Dadi de'e saiki lagek seneng2e nggarai Hyung e.
.
.
.
.
.
Sementara seng ng njobo...

Pakdhe Mun: Ayo mule. Arek 2 iku wes damai

Dek Iwin: Yalaah... Padahal aku menunggu keributan😔

Markonah: Ayo ribut karo aku

Dek Iwin: Kon lho GA LEVEL karo aku!!

Markonah: Lapo?

Dek Iwin, Enchan: SOALE AWAKMU IKU NDESO!!!

Markonah: Jasiiikkk hancurit kon kabeh -____________-




Ning kamar, Jaehyun karo Doyoung wes geletak an ng kasur sambil ngguya ngguyu dewe. Maringono, Doyoung nyekel tangan e Jaehyun.

Doyoung: Dek, sepurane yo. Hyung gaono maksud gae—

Jaehyun: Yo... Gaopo. Aku yo sepurane.

Marine njaluk sepuro, Doyoung langsung nyium punggung tangan e Jaehyun.








Annyeooooooong!!! Ono seng kangen ga karo FF iki? Next opo ora?
Ojo lali vote + comment yo❤️✨

Eh btw, follow twitterku yo. Hayuk mutualan karo aku @valenjae14

Ng Part selanjut e enak e digae opo yo?

- Part anyar
- QnA 2

Jawab yoo😉👌🏻

JAEDO IN LOKAL (I)Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang