Tahun Baru (1)

676 106 34
                                    

Bengi iki, JAEDO, Dek Iwin, Yuk Ten, Mas Uwu, Bang Yut, lan sak kabehe ngumpul nang warkop e Lek Johnny.

Yongyong: He rek, mene kan taun baru. Ayo ngerayano bareng2

Yuk Ten: Mlaku2 ta? Emoh aku~

Doyoung: Alah yuk, kemayumu ga nguati

Mas Uwu: Taun baru iku rek mending digae ngaji ta sholawatan ngunu.

Markonah: Uiii coyo rek arek alim mas uwu iki

Jaehyun: Awakmu lek sekirane ga gelem elok gaopo. Ngkok awak dewe nggae sesuatu gae awakmu. Piye?

Mas Uwu: Yo gaopo. Aku nang omah soale wes janjian ngaji bareng ambe keluargaku

JAEDO: Subhanallah

Lek Johnny: Lho yo ngunu rek sakjane. Tp kan masing2 wong bedo2. Dadi enak e piye iki?

Bang Yut: He ayo BBQ an ta?

Enchan: Walah aku yo budhal

Yuk Ten: Hiiihhh hayuk capcus!! Gek ndang cepakno

Yongyong: Sabar sek talah, Yuk. Gopoh ae

Mas Uwu: He rek aku sido elok

Dek Iwin: Lho jarene sampean ngaji mas?

Mas Uwu: Aku njaluk saiki. Cek'e aku pengen ero rasane barbekyuan karo awakmu iku yo opo

Pakdhe Mun: Arek2 akeh seng setuju. Wes saiki ndang dicatet bahan2 e karo alat2 e.

Doyoung: Aku bagian ngurus i duwek e yo

Jaehyun: Siap! Berarti aku ngutang gaopo yo?

Doyoung: Dek mumpung hyung durung mites awakmu lho. Wes ga kakean cocot. Saiki awakmu cateten sopo seng nggowo sembarang kalire.

Jaehyun: SIAP!

Markonah: Seng disiapno pertama iku... Ah alat seng digae mbakar bbq iku lho... Opo jenenge. Aku gaero

Lek Johnny: Wes pokok e iku lah. Percuma tak jelasno nang awakmu, wong ndeso kok

Bang Yut: Aku bagian nggowo areng

Dek Iwin: Aku tak tuku daging e

Bang Yut: Lho lho lho, adek kecil kok belinya daging sendiri sih. Sama abang mau ga?

Dek Iwin: BUACOT KON BANG!

Bang Yut: Cuk!

Yongyong: He panggonane durung ditentuno

Doyoung: He nang omahku ae po'o. Kan aku wong sugih

Markonah: Uuiii

Yuk Ten: Aku bagian nggae ngumbe yo rek. Njalukmu opo? Es lemon, nutrisari, jas jus, ta opo?

Pakdhe Mun: Banyu bensin gaono yo?

Lek Johnny: (ngakak) kon nggolek mati ta dhe?🤣

Dek Iwin: Iku lho.... Es degan. Lak seger seh

Yuk Ten: Es degan iku piroan?

Doyoung: Hmmm 8 ewu paleng sijine

Yuk Ten: Aduuh cek larange. Wes tak gaeno es teh

Jaehyun: Ngomong o ae lek ga gelem ngetokno duwek. Duwek kok digae skinkeran teros? Mulus gak, boros iyo

Yuk Ten: Halah ero ae kok. Ga ga guyon, temen tak tukokno degan kok

Jaehyun: Okeee... Naiisss

Doyoung: Ayo sopo seng durung kebagian?

Enchan: Aku, mas. Aku bagian nggowo paprika, bawang bombay, dll. Kan atek ngunu seh lek bbqan

Doyoung: Tapi iku larang lho? Gaopo ta?

Enchan: Gampang wes. Selama ono mas Mark, ga ngara kesulitan aku

Markonah: Jancik cek pinter e kon

Yongyong: Aku durung

Doyoung: Awakmu nggowo alat2 e ae. Koyo pisau ta opo ngunu. Pokok digae ngolah bahan2 e

Yongyong: Siap!

Pakdhe Mun: Aku nggowo opo?

Jaehyun: Nggowo niat ae. Sampean kan biasane mageran

Pakdhe: Healah yowes. Tak gowono seng legi2 yo

Doyoung: Moh, ngkok kadaluwarsa maneh

Pakdhe Mun: Gak gak. Aku sek ono seng anyar kok kuene.

Doyoung: Yawes. Lek, awakmu bagian nggowo kopi yo? Gratis oleh gak?
Hehehe

Lek Johnny: Berhubung tahun baru, tak kei kebebasan. Tak gratisno. Ngkok tak gowo ng omahmu

Doyoung: Yeaayy ahahaha

Mas Uwu: Aku tak tuku gelas plastik e. Cek e lek ngombe ga atek ngorah2i

Doyoung: Siap.

Doyoung nge total hasil bahan2 e

Doyoung: Kabeh e.... 250 ewu. Urunan kabeh yo rek.

Kabeh: Oke boss!!

Jaehyun: Ayo hyung muleh. Mene awak dewe kudu resik2 omah.

Bang Yut: He kon kelalen Cak Kas yo?

Yongyong: Lho iyo. He kongkon nggowo aq*a seng dus2an

Doyoung: Iyo gampang. Ngkok tak telfone. Wes yo rek. Sampe ketemu mene!!

Lek Johnny: Okeeh siiip!!!




He rekk.... Derani muncul maneehh. Insha allah Tahun baru 1 karo 2 mene iki dadi eps terakhir JAEDO in Lokal.

Huhu sedih yo rek😭😭

Lek semisal Derani nggae season 2 e piye? Gelem gak?

Anyways, eps 2 metu mene :)) ojo nangis yo rek :))

JAEDO IN LOKAL (I)Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang