Swuh rep data pitana, anenggih nagari pundi ingkang kaeka adi dasa purwa, eka sawiji, adi luwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang kasongan ing akasa, kasangga pratiwi, kapit ing samodra, katah ingkang sami anggana raras, boten wonten kados nagari ing Dwarawati ya Dwaraka. Mila kinarya bubuka, ngupayaa nagari sadasa tan antuk satunggal, ngupayaa nagari satus tan angsal kalih, sewu tan antuk sadasa. Mila winastan ing Dwarawati, palawanganing jagad, utawi wenganing rahsa, Dwaraka panggenan pambuka.
Dari gelap, sepi, kosong, suwung, mati ... kan digelar lakon kehidupan di dunia ini. Syahdan tersebutlah sebuah negri besar yang terbentang luas wilayahnya, memiliki deretan pegunungan yang mengitarinya dan di apit oleh dua samodra yang maha luas. Tidak ada negri yang seperti Dwarawati ya Dwaraka, pabila dicari sepuluh mungkin hanya menemukan satu, carilah seratus maka hanya kau temui tak lebih dari sepuluh, seribu tidak bakal ada seratus. Dan disebut Dwarawati berarti pintunya dunia, ataupun terbukanya rasa, Dwaraka sebagai tempat pembuka.
Dasar nagari panjang punjung, pasir wukir loh jinawi, gemah ripah karta tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samudra, wukir gunung, dene nagari ngungkurake pagunungan, ngeringake pasabinan, nengenaken banawi, ngayunaken bandaran gede. Loh tulus ingkang tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku, gemah kang lumaku dagang, rinten dalu tan ana pedote, labet tan ana sangsayaning margi, aripah janma ing manca kang sami griya salebeting praja, jejel apipit, pangrasa – aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking rejaning nagari. Karta, kawula ing padusunan pada tentrem atine, mungkul pangulahing tatanen; ingon-ingon kebo sapi, pitik iwen tan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan, yen bengi mulih marang kandange dewe-dewe; raharja tebih ing parangmuka, dene para mantri bupati pada kontap kautamane, bijaksana limpad ing kawruh putus marang wajib pangrehing praja, tansah ambudi wewahe kaluhuraning Nata.
Sungguh negri panjang punjung, pasir wukir loh jinawi, gemah ripah karta tur raharja. Panjang, terkenal ceritanya, punjung luhur wibawanya, pasir adalah samudra, wukir gunung, bahwa negri dikaruniai pegunungan, terbentang hijau pesawahan, juga dialiri sungai nan panjang terbentang, terdapat pula pelabuhan besar di sana. Loh, subur semua yang ditanam, jinawi, serba murah barang yang terbeli, gemah, roda perdagangan tiada henti bergulir siang malam meramaikan sepanjang jalan, ripah, rakyat mempunyai rumah layak dan besar berjejal bertebaran di pelosok menunjukkan makmurnya negri. Karta, kawula di desa merasa tentram hidupnya menjalani kehidupan sebagai petani, binatang peliharaan kerbau, sapi, ayam tidak pernah dikurung, siang bebas mencari makan dan bila malam hari pulang ke kandangnya masing-masing. Raharja, jauh dari musuh, para mantri bupati begitu memperhatikan keutamaan, bijaksana dan pintar memenuhi kewajiban mengayomi warga negara serta selalu mengupayakan keluhuran raja.
Dasar nagara gede obore, padang jagade, duwur kukuse adoh kuncarane; boten ing tanah Jawi kemawon ingkang sumujud sanajan ing tanah sabrang katah ingkang sumawita, tanpa kalawan karaning banda yuda, mung kayungyun popoyaning kautaman, babasan ingkang celak manglung, ingkang tebih tumiyung, sami atur putri minangka panungkul; ing saben antara mangsa asok bulu bekti, glondong pangareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi.
Sungguh negeri yang terang cahyanya, luas wibawanya, terkenal sampai negri nan jauh, tinggi derajatnya. Tidak hanya di tanah Jawa semata yang tunduk patuh, namun di tanah sebrangpun banyak yang tunduk tanpa melalui perang, hanya karena terpesona akan kebesarannya, seperti pepatah, ingkang celak manglung, ingkang tebih tumiyung, yang dekat merunduk yang jauh mendekat, semua menghaturkan putri sebagai pertanda tunduk dan dengan rela memberikan hadiah beraneka rupa sebagai wujud takluknya.
Wenang den ucapna juluking Nata Sri Batara Kresna, Prabu Arimurti, Padmanaba, Narayana, Kesawa, Wasudewa, Wisnumurti, Danardana, Janardana. Mila jejuluk Sri Batara Kresna, cemeng pasarirane trus balung sungsum ludirane, yen ayama ayam cemani, kena kinarya sarana, sanadyan Sri Batara uga dadya sarana jayaning Pandawa ing Bratayuda, Arimurti luwih padang, dene wruh sadurunge winarah. Padmanaba, sekar sumorot, dene anggaduh sekar Wijayakusuma, panguripane wong sabumi. Nayarana titising dewa, marma kawasa angasrepi seisining jagad. Kesawa, panah linuwih, dene bisa warna kala mertyu. Wasudewa warananing Dewa, Danardana, adina-dina tansah adedana, lumintu yayah ilining narmada. Janardana, wong sugih, dene dadi saciptane, ana sasedyane, teka kang kinarsakake. Wisnumurti, Wisnu sawantah, marma wus tan samar saulah kridaningrat.

KAMU SEDANG MEMBACA
Cakraningrat
Ficção GeralMenceritakan tentang perebutan Wahyu Cakraningrat, wahyu penurun penguasa tanah Jawa. Menurut kepercayaan, sesiapa yang memperolehnya keturunannya bakal menjadi penguasa, menjadi pemimpin di tanah Jawa. Siapakah yang bakal memperolehnya dan bagaiman...