Campur

7 1 0
                                    

Pepindahan

A

Abange Kaya godhong katirah
Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
Abote kaya watu
Adheme kaya es

Agunge kaya samodra rob
Akehe pappati kaya babadan pacing
Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
Akehe lelara kaya kena pagebluk

Alli-aline nggunung sapikul
Aluse kaya sutra
Antenge kaya temanten ditemokke
Antepe kaya wesi

Anyepe kaya debog
Asine kaya uyah
Atose kaya wesi
Ayune kaya dewi ratih

B

Baguse kaya Bathara Kamajaya
Bangone awangun gedhang salirang
Bantere kaya Angin
Bebadane kaya ngadhai melet
Bedane kaya bumi karo langit

Begjane kaya nemu emas sakebo
Begjane kaya nemu cempaka sawakul
Brengose nglaler mencok
Brengose nguler keket
Bungahe kaya ketiban ndaru

C

Cahyane binger kaya Lintang johar
Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
Cep klekep kaya orong-orong kepidak
Cethile kaya cina craki
Cumlorot kaya lintang alihan
Cumlorot kaya ndaru

D

Dalane nggeger sapi
Dalane mbathok mengkureb
Dawane barisan kaya sela brakithi
Dedege Ngringin sungsang
Dhuwure kaya Othak-othak mega
Domblong kaya sapi ompong
Dondomane kaya tutus kranjang

E

Empuke kaya gudir
Enthenge kaya kapuk

G

Gagah Prakoso kaya Raden Werkudara
Galake kaya macan manak
Galake kaya buta
Gampang kaya empol pinecok
Gulungane ngadhai menek

Gulungane minangkara
Gelise kaya banyu sinaring
Gendhewane awangun kadhai meteng
Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan

I

Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton

J

Janggute pindha tawon gumantung
Jogede kaya merak kesampir
Jogede mucang kanginan

K

Kagete kaya tinubruk ing wong lepat
Kaku kaya kena nggo pikulan
Kekejere kaya manuk branjangan
Kenese kaya Dewi Srikandi
Kesite kaya Kadhal

Kepingine kaya Nyidham cempaluk
Klular-klulur kaya tuma kathok
Kopat-kapit kaya buntut ula tapak angin
Kuninge kaya emas sinangling
Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton

L

Lakune nusup-nusup pindha ayam alas
Landhepe pitung pinyukur
Lelewane milangoni
Lir sato mungging rimbangan
Luruhe pindha Dewi Sembadra

M

Mendhak-mendhak kaya sato memeti
Minder-minder kaya undar
Miling-miling kaya jangkung
Mlakune mundur kaya mungkkur gangsir
Mlakune ndodhok

N

Nangise ndrenginging kaya rase
Nangise ngorong-ngorong
Nuturi wong pinter prasasat ngajari bebek nglangi
Nyengite kaya dhemit

O

Olehe kabegjan kaya nemu emas saloka
Omahe awangun glathik mungup
Omahe awangun gedhang salirang
Omahe awangun klabang nyander

P

Padhange kaya rina
Padha pleg pindha jambe sinigar
Panase kaya mecah-mecahno sirah
Parine gumandhung
Parine ngemping

Kembang Setaman (Selesai)Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang