PARIBASAN & SALOKA

33 3 0
                                    


Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane.

Tuladha (Contoh) :

1. Adigang, adigung, adiguna : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran.

2. Ana catur mungkur : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala.

3. Angon mangsa : Golek wektu kang becik/ prayoga.

4. Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak.

5. Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine.

6. Busuk ketekuk pinter keblinger : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka.

7. Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati.

8. Cincing-cincing maksa klebus : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh.

9. Criwis cawis : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe.
Dahwen ati open : Nyacad nanging duwe pamrih.

10. Desa mawa cara, negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dewe.

11. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal dibelani.

12. Durung pecus keselak besus : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna.

13. Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge.

14. Garang-garing : Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan.

15. Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendi.

16. Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi.

17. Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad.

18. Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake.

19. Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.

20. Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi.

21. Keplok ora tembok : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad.

22. Ketula-tula ketali : Uripe ngrekasa banget.

23. Kumenthus ora pecus : Umuk ananging ora sembada.

24. Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa gawe ewuh.

25. Mbuwang tilas : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.

26. Mikul dhuwur mendhem jero : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa.

27. Nabok nyilih tangan : Tumindhak ala sarana kongkonan.

28. Nyolong pethek : Mleset saka pambatange.

29. Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka.

30. Rawe-rawe rantas : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake.

31. Rukun agawe sentosa : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih.

32. Sabaya mukti sabaya mati : Rukun nganti tumekaning pati.

33. Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.

34. Sing sapa salah seleh : Sapa sing salah bakal konangan.

35. Sura dira jayaningrat lebur : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik.

36. Tega larane ora tega patine : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan.

Kembang Setaman (Selesai)Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang