Campur (2)

2 1 1
                                    

Watake Wong Utawa Bocah

1. Adigang : ngandel-endelake kakuwatanne
2. Adigung : ngandelendelake kaluhurane
3. Adiguna : ngendel-endelake kapinterane
4. Ambekdarma : seneng tetulung, welasan
5. Ambekpati : ora wedi pati

6. Ambeksiya : seneng nganiaya
7. Ambeksura : kendel banget
8. Ambekwani : kendel banget
9. Alim : pinter tur anteng
10. Anteng : meneng ora akeh gunem

11. Andhap asor : ora gumedhe, ora umuk
12. Bandel : ora cingeng, ora gembeng
13. Beres : ora duwe niyat ala utawa goroh
14. Bencirih : gampang kena ing lelara
15. Berbudi : seneng weweh, loma

16. Blater : pinter sesrawungan
17. Mblubud : nekat ora duwe isin
18. Brangasan : gampang nepsu
19. Mbrekunung : nggugu karepe dhewe
20. Cendhala : ala kelakuanne

21. Centhil : emoh weweh/ medhit
22. Climut : dhemen nyenyolong
23. Clingus : isinan, ora kendel sesrawungan
24. Cluthak : seneng mangan apa-apa
25. Cubluk : bodho

26. Cugetan : mutungan, ora sabar
27. Culika : dhemen ngapusi
28. Ndableg : ora ngrewes ing pitutur
29. Dahwen : seneng nacad
30. Daksiya : seneng mara tangan

31 Delap : seneng nganiaya
32 Ndhendheng : Angel dituturi
33 Drengki : meri marang kabegjane liyan
34 Ndhugal : kurang ajar
35 Gathekan : Gampang ngerti, lantip

36. Gembeng : Gampang nangisan
37. Geleman : Manutan, gampang gelem
38. Gemi : Pinter ngirit, nganggone
39. Getapan : Gampang kagel
40. nggragas : Seneng memangan sing kurang patut

41. Jail : Seneng gawe piala / usil
42. Jirih : Ora kendel / weden
43. Julig : Pinter nindakake bab ala
44. Kemproh : Ora resikan
45. Kendel : Duwe kewanen
46. Kesed : Ora oyan gawe

47. Kethul : Ora gampang ngerti
48. Loma : Seneng weweh
49. Lonjo   : Guneme sak wiyah-wiyah
50. Lugu : Kaya apa anane
51. Melikan : Gampang tuwuh rasa kepingin nduweni
52. Mentahan : Ora duwe rasa welas

53. Meren : Gampang meri
54. Mopo : Ora gelem nglakoni
55. Murka : Kumudu-kudu tanpa akeh dhewe
56. Muthakil : Sugih akal kanggounthunge dhewe
57. Ngebreh : Mbuwang dhuwit, boros

58. Panasten : Seneng manasi liyane marga meri
59. Parawadulan : Seneng wadul
60. Prasaja : Beres
61. Sabar : Ora gampang nesu, sareh anggone
62. Saen : Ora isinan
63. Srakah : Kumudu-kudu oleh akeh dhewe
64. Sumanak : Rumaket ing pamitran
65. Sumungah : Seneng umuk

66. Taberi : Sregep serta tlaten
67. Takad : Kuwat nahan lara
68.  Tambeng : Manut karepe dhewe
69.  Tegelan : Ora duwe rasa rikuh, mentalan
70. Temen : Ora dhemen goroh
71. Tumbak : Seneng wadul cucukan
72. Ugal-ugalan : Kurangajar
73. Umpakan : Seneng dialem


***

Arane Wektu

Pagi Byar 06.00
- gumatel 09.00
- Pecat sawet 10.00

Bareng pekerjaan Wisan gawe/ bareng gawe 10.00

Siang Bedhug (luhur) 12.00
- tengange 12.00

Lengser barat Lingsir/ lengser  kulon 14.00

Asar Ngasar 15.00
- Tunggang gunung 17.00
- Tibra layu 17.30

Maghrib Maghrib (surup) 18.00

Setelah magrib Bakda magrib 18.30

Isyak ngisak 19.00

Setelah isyak Bakda ngisak 20.00

Selesai aktivitas anak-anak Sirep bocah 22.00

Selesai aktivitas dewasa Sirep wong 23.00

Kembang Setaman (Selesai)Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang