TEMBUNG CAMBORAN
Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji.
Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:• Tembung camboran wutuh/tunggal
Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Tuladha:anjani putra : anoman
bala pecah : barang gamapang pecah
bapa biyung : wong sing ngukir jiwa raga
buntut urang : rambut ing githok
gantung kepuh : ora tau ganti sandhangangantung siwur : katurunan kang kaping pitu
gotong mayit : anak 3 wadon kabeh
gilir kacang : anak akeh giliran lanang lan wadon
imagiri : araning panggonan (desa) ing bantul
jaran kepang : wewangunan kaya jaran digawe saka kepangjuru kunci : tukang ngrumat papan kramat, sareyan
kacamata : tesmak, piranti kanggo ndeleng
kadhal menek : araning gelung (pungkasaning gurung)
kala menjing : jendholan ing gulu tumrap wong lanang
karang malang : araning desamata tuwa : wong tuwane bojo
nagasari : araning panganan
perang rusak : araning bathik
randha royal : araning panganan
semar mendem : araning panganantutup keyong : peperangan omah kampung
udan riris : corak bathik
wanasaba : araning kutha• Tumbang camboran tugel/wudhar
Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.Tuladha:
bangjo : abang ijo
bulik : ibu cilik
dhelik : gedhe cilik
dhengus : gedhe bagus
dubang : idu abangkakkong : tungkak bokong
kongel : bokong cengel
kosik : mengko dhisik
lunglit : balung kulit
pakdhe : bapak gedhepakpuh : bapak sepuh
perko : emper toko
tingwe : nglinting dhewe
thukmis : bathuk klimisTEMBUNG YOGYA SWARA
Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda
pungkasan, duwe teges lanang wadon.
Tuladha1. hapsara-hapsari
2. bathara-bathari
3. dewa-dewi
4. gandarwa-gandarwi
5. kedhana-kedhini
6. pemudha-pemudhi
7. putra-putri
8. raseksa-raseksi
9. widadara-widadari
10. yaksa-yaksi
1. Lembar Kerja Siswa
KAMU SEDANG MEMBACA
Kembang Setaman (Selesai)
SaggisticaKrawuh Bahasa Jawa, mengenal lebih dalam mengenai bahasa Jawa. seperti aran (nama) hewan, nama pohon, geguritan, tembang macapat, dan lainnya. semoga bermanfaat untuk kita semua.