Pang-pang ketapang
njomplang malang
ngeblegi alang-alangRa nyana dadi mangkene
ra nduga mung tekan semene
ra ngira bakal ngene wusananeTela wis dadi tape
dhele wis dadi tempe
yen kadhung, arep piye?Jathukna, mung jathukna
kang kaucap kanthi kebak rasa
nguntabake getun kang ngebaki
dhadhaSurabaya, 13 Oktober 2022
