Rumekahe anggrek
sadurunge srengenge mlethek
paring pangarepan pesthi
ing tengahing pepatiSekar semu wungu
mentul-mentul kasapu bayu
kumlawe weh harsa suka
marang kang larabrantaAnggrek werna wungu
ora bakal mbujuk sliramu
ganda arum kang kawetu
slawase ndudut kalbuSurabaya, 6 Oktober 2022
