Isuk-isuk mangkat gugup ngeterkè bocah sekolah TK, kawanen. Biasa, wong wadon yo gupruk nang pawon ndisèt, ngumbai ngliwet ngisahi ajang, pirang-pirang. Bojonè dong ora di gugah ora tangi, ajeg.
Wis dadi lakon, dong bocahè wis manjing kelas wong tuwonè podo njigong jèjèran nang tlitikan, ndopok karo ngocok arisan.
Ono wong anyar, ayu nemen koyongè nembe pindahan kading Jakarta, awakè bè mulus koyo gedang sing nembè docèki. Enyong jawal-jawil karo Yu Tirah, penasaran.
"Sopo, Yu? Ayu temen?" lirihan takonè mèn ojo krungu wong liyo.
"Bojone Kardi," semaurè yo podo baè lirih.
"Kardi sopo, sih?" karo ngèmut-ngèmut soalè klalèn.
"Kardi anakè Om Joyo bè, sing jarè tuku umahè Lèk Wardi. Kae tah wis suksès, sih." Yu Tirah semaurè rodo ngotot sangkin semangatè.
"Sing wongè mbiyèn tatoo-nan?"
"Iyo."
"Ooh ... paham enyong, Yu," karo manthuk-manthuk.
Lagi sedep ngobrol, malah wongè marani karo mèsem, yakin katon ayu nemen, kalem maning koyongè. Pancèn, sih, biasanè wong dong lagi didomong ndelalahè ngroso. Opo kuwi sing diarani 'Piling'? (baca : Feeling)
"Pagi, Bu. Kenalin, saya Mamanya Aldi," karo tanganè ngejak salaman.
Wong ayu jebulè tangane alus, yo? Ndèan karna ora tau mambu sabun umbah, wong biasanè maring 'Laundry.
"Iya. Saya Ibunè Risa, lha yang ini Ibunè Budi." Yu Tirah nerangno rodo gelagepan, maklum, jarang ngomong basa Indonesia.
"Pindahan baru di sini?" takonè karo gèsèr, ngenèhi enggon nggo Mamanè Aldi.
"Belum seminggu, Bu. Ayahnya ...." durung bè pragat ngomongè, ujug-ujug ono bocah cilik mlayu kading njero kelas, sruwangan.
"Mamaa ...!"
Kabèh podo nglinguk. Jebulè Aldi, bocah anyar sing rambutè di klancir, dowo nemen koyo buntutè jaran, abang maning.
"Iyah! Mama di dieu," semaurè karo ngadek, tuli bocahè mlayu langsung nyikep Mamanè.
"Asup atuh, Tong, ih! Loba baturna di jero ogè,"
"Embung sakolah di dieu, Mah. Hayang balik waè ...." Dening bocahè yo kemplapet golèh semaur.
"Ulah kitu, atuh. Reuk naon, Sayang? Beli permen, nya?"
"Iya, Mah. Permenna tilu, nya?" tanganè nuduhno jentikè telu.
"He-eh. Asupan heula atuh, hengke jeng balik sakalian, nya?"
"Embung!" sikilè gejog-gejog.
Dih?
Lha ko malah nyang-nyangan dèwèk. Aku karo Yu Tirah pandeng-pandengan tok, bingung, ora paham ngomong opo."Ngomongè apik, yo?" Enyong utur-uturan maning karo Yu Tirah.
"Emboh. Enyong ora udeng, basa ngendi, sih?"
"Basa Sundo koyongè," ndèan soale enyong ora yakin.
"Sebentar, ya, Bu. Saya ajak anak jajan dulu ...." poyan karo mèsem, ndarung lungo karo anakè maring bakul jajan nang njobo gerbang sekolah.
"Kardi pinter ngluruh bojo, yo? Ayu." Yu Tirah gèdèk-gèdèk, nggumun.
"Padahal wongè wagu, yo, Yu?"
"Bisanè wagu? Dumèh tatoo-nan?" Yu Tirah nglinguk mandeng enyong maning.
"Lha yo kuwi maksudè enyong. Awakè tah iyo, tatoo-ne rèmbel, tapi tah mabokan."
"Mabok? Mendem ciu maksudè?"
"Ora mendem, Yu. Mabok dong lungo-lungo numpak bis."
"Lha, sih?"
"Wagu, yo? Tatoo-nan tapi dong numpak bis mabok."
Yu Tirah ngguyu kekelen nganti wetengè kaku. Liyanè be nganti podo nglinguk, mestinè ndean do ngrasani dokironè enyong karo Yu Tirah lagi ngomong jorok.
"Kowè jarè sopo?"
"Enyong ngerti dèwèk, Yu. Ora ngandelan nemen, sampèyan."
"Ha ha ... wetengè enyong loro yakin, aduhh ...." Yu Tirah nyekeli wetèng karo ngulapi iluh nang matanè.
"Sampeyan dong ora ngandel takon karo Lèk Bawon, kaè sing mejeti gulunè."
"Ya, Allah. Kapan, sih?"
"Lagi anok, sih. Pas kondangan bèsan pengantènanè anakè Lèk Bawon. Maring nDemak, tah numpak bis tuyul? Semono durung mbojo Kardinè, ngotot njalukè njigong ngarep pinggirè supir. Wong ngertinè enyong bè mbokan apè gentènan nyupiri. Lha jebulè ko ora."
"Opo iyo, sih?"
"Iyo. Padahal jarè wis nginum ant*mo loro, tapi yo èzè wutuh mabok, ngantikan lempè-lempè ...."
"Ha ... ha ... ha ...." Yu Tirah malah ngguyu ngakak ora biso meneng.
"Dih! Ojo seru-seru ngguyunè, mengko ngompol koyo Nunung," tak keplak pundakè.
"Ora macem ora opo, ah. Awakè gambaran koyo kaè, senengè petèntang-petèntèng nang nggili koyo prèman, koh."
"Sstt ... bojonè anjog," karo njawil mèn Yu Tirah meneng.
Wongè teko maning karo anakè, nggowo permen sak-toplès karo cengèngèsan.
"Sok, asup. Bagihan ka batur, nya?"
"Iyah ...." Aldinè manjing kelas maning, bocah-bocah langsung ramè pating ngglembor, melaskè gurunè pilisan terus batukè.
Wkwkwk ....Njigong maning ndèwèki wong telu, padahal jentrèkan akèh tekan pol tlitikan. Ndopok dèwèk-dèwèk.
"Mamanè Aldi asli mana?" gantian enyong sok akrab.
"Sunda, Bu."
"Ooh ... mulanè basanè angèl."
"Enggak juga, Bu. Sama saja, beda dikit tok."
Duhyung!
Mèsemè manis temen, untune cilik."Rencana mau SD di sini, Aldinè?" Yu Tirah nimbrung.
"Iya. Ayahnya yang mau."
"Kardi, kan?" Yu Tirah sing takon.
"Sekarang namanya sudah diganti, Bu. Mas Ardi ...."
"Sopo?!" mrucut dèwèk ora sengojo, sangkin kagète enyong.
"Mas Ardi, Bu. Di surat nikah sama KK juga udah diganti, udah lama, kok."
Lha toblèk!
Enyong nembè ngerti.Teeett ....
Bèl istirahat muni, bareng karo bocah-bocah sing do mlayu metu kading njero kelas, podo nggowo permen sing ono gagangè siji-siji. Wis tak tebak, mesti Aldi sing mbagi.
Koyonge longko wong ngeteri bubur abang putih, sih?
Lha ko wis ganti?