Urip sedela

198 2 0
                                    

Sholawat jawa

Wong urip ning dunya mung sedelo
Isih suwe besuk ning alam baqo
Elingo pati bakale teko
Yen wis teka ora bisa disemoyo

Elingo yen dicabut nyawa niro
Larane ngungkuli wong kang den jera
Mati gemletak ragane jerpumpung
Nyawane den landrat ora bisa jawa ditelikung

Elingo tangine sangka kubur
Pada ngadeg pada wuda mintal-mintul
Srengengene duwur dicendekake
Bumine seloko pada ngombe keringete

Sambate cela pitu ngaru woro
Yoiku walese dosa niro
Seket ewu taun ning arah-arah
Siji iku pada seket ewu taun dunya

Elingo ning mahsyar bakal nguwot
Shirotol Mustaqim kang den uwot
Mlakune iku telung ewu taun
Jajag munggah mudun pada siji sewu taun

Lembute rambut pinoro pitu
Landepe pitung panyukur tentu
Ngisore iku jahanam mulad-mulad
Lamun ora rikat mangka tentu kadilat.

Kumpulan lirik lagu ( Finish ☑️ )Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang