Islam KTP

212 2 0
                                    

Sholawat Abah K.H Ma'ruf Islamuddin

Jare ngaku Islam
Kok namung KTP ne
Urip mung deposan
Aja sak kepenak e

Sing ora sembahyang
Bakal rugi Urip e
Sing tekun sembahyang
Bakal Mulya Urip e

Madad ya Maulana
Maulana ya Husain
Madad ya abbaz zainil
Abbaz zainil Abidin

Aja duh pen sugih bandha
Njur ninggalna agama
Eling a mbesuk Yen seda
Ra bakal di hawa

Aja duh peh duwe pangkat
Banjur ninggalna sholat
Elinga besuk akhirat
Bakal e dihisab

Di rewangi Rina wengi
Mrana mrene niba nangi
Ngluru sandang klawan pangan
Aja lali mring pangeran

Direwangi nyambut gawe
Wiwit esok nganti sore
Supaya cukup butuh e
Ja lali mring sholat e

Ning donya pira suwe ne
Ja lali kewajiban e
Rina wengi esuk sore
Tansah eling pangeran e

Ning donya pira suwe ne
Bebasan mung mampir ngombe
Dilereni maksiat e
Kanggo amal akhirat e

Kumpulan lirik lagu ( Finish ☑️ )Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang