dosa ora krasa

121 0 0
                                    

Sholawat Abah K.H Ma'ruf Islamuddin

Maulana Ya Maulana
Ya sami' duanna
Maulana Ya Maulana
Ya sami' duanna

Birahmatika ya rabbi
La taqta roja'ana
Birahmatika ya rabbi
La taqta roja'ana

Sithik-sithik Ra ketara
Suwe-suwe dadi cetha
Kaya wong tumindak ala
Dilakoni sak bendina

Dosa klawan omongan
Lantaran kuping lan mata
Kadang-kadang ora krasa
Yen pancen wis kulina

Sing ati-ati kelawan waspada
Menawa Sira da ngobrol Karo kanca
Ngrasani tangga ngoceh alane liya
Kadang ora krasa awak e gawe dosa

Asyik omong-omong
Nganti ngrasani uwong
Nganti Ra sadar
Amal e banjur kecolong

Amung dosa sepele
Kang ora dirasakake
Nanging Gedhe akibat e
Marang awak e dhewe

Kumpulan lirik lagu ( Finish ☑️ )Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang