Nyamudana geni ing setu wengi

20 1 0
                                    

Nyamudana geni ing setu wengi

Dening : A.P. Noegraha

Ora ånå sagåtrå têmbung kang kawuwus såkå jroning lathi.
Anané mung ênêng kadi rêcå anèng madyaning patamanan,
kinupêngan brêmårå-brêmårå kang lagyå têtêmbangan nguntabaké kobaring brangtå mring saliré kusumå.

Samirånå kang sêmuné wêgah tininggal kaanan banjur sumilir midid sråyå bêkså kalawan gêgodhongan.

Sanadyan lakuning latu wus antuk sêparoné rokok,
nanging isih durung sakêcap kawijil satêmbung saukårå.

Nétra twin karnå kang rinudå pêkså mulat bêksaning godhong kalawan marutå,
ugå ngrungu brêmårå têtêmbangan ngrumpåkå kidung konjuk sang puspitå,
bêbasan kadyå rinanjap såsrå warastrå.

Nadyan biså kasamudånå jroning gariting èsêm,
nanging gêgêting wåjå ugå gêgêming astå tan biså nyirêp kaananing nålå.

U W U HTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang