Parji lan Maman kuwi sak koncoan saka SMA. Cah 2 kuwi kanca kelas nalika ana ing kelas 2 SMA. Parji asale saka keluarga sing kurang mampu. Dheweke ditinggal karo ayahe mulai kelas 1 SMA. Ayahe parji terkenal karo sifat jujur lan adil. Amarga kuwi Ayahe parji dipercaya dadi kepala dusun. Beda karo Maman, Maman anduweni keluarga sing cukupan banget. Sabendina dheweke gonta-ganti montor sing ngeterake menyang sekolah.
Nalika wis kate lulus saka SMA, kabeh kancane wes nemu jurusan sing arep dituju. Onok sing arep menyang Universitas, onok uga sing milih langsung nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Parji bingung arep nerusake menyang endi. Parji oleh amanah saka almarhum ayahe Parji sing isine nalika lulus ora oleh nyusahake wong liyo utowo sedulure. Ayahe parji uga kepingin Parji dadi pemimpin sing jujur. Nalika iling kabeh amanah saka almarhum Ayahe, Parji langsung melu tes kanggo mlebu IPDN (Institut Pemerintah Dalam Negeri). Maman uga kepingin melu tes IPDN.
Pas dino tes IPDN wes teka, Parji lan Maman ketemu ing gerbang. “Lho parji,” Maman ngawiti. “Lhooo kowe man, kowe melu tes kanggo mlebu IPDN man?,” Parji nyauti. “Iyo ji, ehh ayo mlebu rupane wes dimulai” Maman ngomong karo mlaku mlebu menyang gedung tes. Nalika tes wes rampung Maman lan Parji metu saka ruangan. Hasil tes ora ngenteni ing wektu kang suwe. Nanging mung 3 jam saka tes rampung, pengumuman wes iso didelok. Maman ngroso yen dheweke ora bakal lolos tes. Dhewehe wes duwe rencana kanggo tuku kursi kanggo mlebu IPDN. Akhire Maman langsung telfon njaluk dhuwit marang Ibuke kanggo nyogok panitia IPDN. Nanging, Parji santai ora wedi bakal ditolak ing IPDN amarga dheweke sinau temenan sakdurunge tes.
Nalika pengumuman wes metu, Parji langsung mlayu menyang papan pengumuman kanggo mirsani hasile. “Alhamdulillah aku ketampa ing kene, mugo-mugo kabar iki iso nggarai ibuk ing omah seneng” batine Parji. Maman santai-santai wae nalika pengumuman metu amarga dheweke wes pasto ketampa lewat dhuwit sogokan marang panitia. Maman langsung nyetater montore lan mulih
“Assalamualaikum, buk kula dipuntampi IPDN buk” Parji ngendika marang ibuke.”Alhamdulillah le, kowe ojok nganti lali pesene almarhum ayahmu yo le, lan uga ojok lali marang sing kuasa le. Pesene ibuk ojok sampek kowe kegudo karo dhuwit haram. Yen dadi pemimpin sesok mben kowe kudu teges le. Wes age kono adus banjur sembayang maghrib” ibuke parji ngendika karo ngelus rambute Parji. “ Inggih buk, kula mboten nate supe kaliyan amanah ndugi almarhum ayah buk. Nggih pun kula badhe siram rumiyin buk nggih” Parji nyauti karo mlaku menyang jeding. Ibuke parji bungah ora karuan nalika ngerti Parji ketampa ing IPDN. Parji uga seneng banget akhire iso ketampa ing IPDN.
Kanggo nyiapake nalika sekolah ing IPDN Parji mulai ngalor ngidul golek kontrakan. Ibuke parji uga nyiapake keperluan mulai saka ageman nganti buku buku penunjang sing diperlukake. Ora mung iku, ibuke Parji uga nyiapake dhuwit kanggo biaya urip lan kontrakane Parji. Nalika sekabehane sing dibutuhake Parji wes siap, Ibune parji banjur loro loroen. Sedino sakdurunge Parji budal golek ilmu menyang IPDN, Ibune Parji tilar dunya. Ngadepi sing kayak ngunu kuwi Parji langsung sedih ora karuan. Dulure Parji uga teko kabeh menyang omae parji. Nanggepi parji sing urip dewenan, Pakdhene Parji ora tega ninggal Parji ing omah dewenan. “piye iki, aku sesok wes mulai mlebu ing IPDN nanging, aku ditinggal karo ibuku” Parji mbatin karo wajahe sedih banget. “Le, sampean ora oleh sedih kenemenen amarga ditinggal marang ibumu. Kabeh iki wes takdir teko sing kuasa le, kowe kudu sabar ngadepi iki kabeh le” Pakdhene parji ngelus pundhake Parji. “Inggih Pakdhe, kula nggih ngertos menawi niki sampun takdiripun ndugi ingkang kuasa. Kula namung bingung kalian mbenjing pakdhe. Mbenjing kula pun mlebet teng IPDN pakdhe. Tapi, teng griya enten musibah ngeten.” Saute parji karo rodok beseseken. “Iyo le, aku ngerti kok lek sampean mene mulai mlebu ing IPDN. Wes urusan omah iki ojok diurusi le, kowe fokuso karo sekolahmu wae. Urusan omah iki, aku sing bakal ngurusi le.” Jawab pakdhene parji. “inggih pun pakdhe. Matur nuwun sanget nggih pakdhe.” Jawabe Parji karo nada nyeret.
Nalika wis isuk Parji siap siap budhal menyang pusat sekolah IPDN yaiku Jakarta. “Pakdhe, kula bidhal rumiyin nggih. Panjenengan dungakaken mawon mugi-mugi kula lancar wonten teng IPDN. Assalamualaikum.” Pamite parji marang Pakdhene. “Iyo le. Mugo-mugo sukses wis yo le, ati-ati yo Ji. Waalaikusalam” jawab pakdhene Parji karo menehake tangan kanggo sungkem.
Parji langsung budal menyang terminal kanggo nyegat bis sing menyang Jakarta. Suwe banget perjalanan tekan omae parji menyang Jakarta nganti Parji iso turu angler. “Jakarta mudun Jakarta mudun, ayo pak buk iki wes ana ing jakarta.” Bengoke kondektur nggugahi penumpang sing lagi turu angler. Parji sing maune turu angler ndadak tangi. Jakarta kuwi beda banget karo desone Parji. Akeh bocah wadon sing ngumbar aurat, ora setitik pisan bocah lanang wadon gandengan tangan kayata wong sing wes rabi. “Astaghfirullah” batine Parji karo ngelus dada amarga mirsani bocah pacaran.
“Lhoo, Parji???. Lapo ing kowe ing kene Par?” Takone Maman menyang Parji. “Iki man, aku kate golek omah kanggo kontrkan ku. Apa kowe iso nulungi aku man?” jawabe Parji karo suara bingung. “Oalah, iyo wes ayo kene munggaho tak goceng kanggo golek kontrakan par.” Saute maman.
“Nah iki par, omah kontrakan. Regane murah kok par. InshaAllah cukupan kanggo kowe.” Maman ngandani Parji karo nduduhake dalan menyang kontrakan. “Oalah, iyowes matur nuwun banget yo man. Mene ing IPDN masuke jam piro man?” Takone Parji. “Podo-podo par, mene ing IPDN mlebu jam 7 par. Ehh par, iki wes mulai surup. Aku tak balik menyang omah disek yo” Jawabe Maman. “Iyo wes man, ati-ati yo”
Parji lan Maman sekolah bareng ing IPDN. Ing IPDN mengko jabatan sing paling asor yaiku camat. Parji terkenal karo sifat jujur lan seneng nulungi kancane. Teko sifate Parji sing ngunu kuwi nilaie Parji apik banget. Nalika wes arep penempatan, Parji oleh mandat dadi camat ing kecamatan sukomulyo. Maman uga oleh mandat ing kecamatan sukomulyo nanging dadi wakil camat.
“Ehh iku rupane camate kene sing anyar wong sing pinter lan jujur” bisike salah siji pegawai marang pegawai liyane ing kecamatan. “iyo, rupane kuwi wong sing apik” Tanggape pegawai liyane. Langkah-langkahe Parji lan Maman anggone mimpin sukomulyo kuwi apik banget. Toktoktok suara lawang ing ruangane Parji. “inggih sampean mlebet” Tanggape Parji. “Pak. Niki laporan yatra mlebet kale medalipun sampun rampung pak. Niki enten ingkang mboten cecek pak”Bendahara sing jenenge Sandra menehi keterangan marang parji. “Lhooo lhooo, maksute sampean? Apa onok sing mangan dhuwite negara?.” Takone Parji karo kebingungan. “Inggih pak. Sakmenika enten tigangatus juta mboten cecek. Mboten kok kula ngarani nggih pak. Pak Maman wakil panjenengan enten tanda-tanda nedha yatra sakmonten pak” Jawabe Sandra. “Wes ta sampean iki ojok seneng ngarani lek ora onok buktine. Nanging, yen leres Maman sing korupsi aku bakal nindak teges” Jawabe parji karo wajahe rodok tegang amarga ora percaya yen kancane dewe sing korupsi.
“No, dhuwit 300 juta kuwi diapakno yo penake? Aku pengen mabuk-mabukan amarga uripku rasane mboseni No” takone Maman marang Nano. “lhooo, kowe oleh dhuwit sakmunu tekan endi man? Lek kowe gelem tuku ganja wae man. Dijamin sakmarine iku kowe iso ngrasake seneng terus man” Jawabe Nano. “Aku oleh dhuwit tekan ngentit ing kecamatan no. Iyowes ayo tuku ganja” Saute Maman. Akhire Maman lan Nano tuku ganja. Amarga kecanduan dhuwit 300 juta kuwi amblas ing wektu mung 3 dino. Maman ora sepisan pisan ngapusi wong tuone lan njupuki dhuwite wong tuone. Ing wayah 3 dino kuwi Maman ora tau menyang kecamatan. Parji mulai curiga karo Maman. Nanging Parji ora gupuh njupuk keputusan sakdurunge oleh bukti sing kuat. Parji anduweni inisiatif kanggo ngumpulake kabeh pegawai ing wayah rapat.
Nalika rapat Parji nyampekake yen onok sing wani korupsi, pasti bakal dibabat marang Parji lan ora diwenehi ampun. Krungu Parji ngomong ngunu, Maman mulai wedi ketemon korupsi dhuwit 300 juta. Sakdurunge rapat rampung, Parji ngomong yen Maman ora oleh bubar dhisikian.
“Man sampean 3 dino iki? Kok ora onok kabar?.” Takone Parji. “Niku pak, tiyang sepah kula gerah” jawabe Maman nganggo boso sing ngajeni banget. “Sakmestine sampean kudu izin dhisik Man. Soale iki hubungane karo rakyat.” Jawabe Parji. Akhire Parji ora nerusake ngomong karo Maman banjur balik menyang ruangane dewe. Nalika Parji menyang ruangane, Maman mlaku menyang ruang bendahara. “ehh san, iki aku butuh dhuwit 200 juta kanggo mbangun bendungan ing deso kucur” Maman ngomong karo wajah ngeyakinake Sandra. “lhoo pak, mboten saget ngoten. Panjenengan kedah izin rumiyin dhateng pak Parji. Kula mboten wantun maringaken yatra sakmonten yen panjenengan dereng angsal izin pak” Jawabe sandra karo teges. “wes talah san, aku wes kondo marang pak Parji. Malah Pak Parji ndukung banget kok san” jawabe Maman karo nyobak ngeyakinno Sandra. Ing wayah iku, Parji ora sengojo lewat ing ngarepe ruang bendahara. Amarga pengen ero akhire Parji nyelonong mlebu. “iki onok opo toh? Kok ribut karepe dewe?” Takone Parji. “niku pak, Pak Mama nedhi yatra ingkang ageng banget kangge mbangun bendungan terosipun sampun angsal izin ndugi panjenengan.” Jawabe Sandra. “lhooo!!! Oalah dadi saksuwe iki kowe sing mangan dhuwit negara man? Kowe ngerti, amarga kowe negara iki iso ajur. Apa kowe ora isin jabatanmu wakil camat man? Aku ora bakal mikir dowo maneh. Kowe bakal tak laporno menyang KPK!!!” saute Parji karo ngamuk entek-entekan. “Kowe iki ngomong opo toh ji? Endi buktimu yen aku sing korupsi?” jawabe Maman sing ora nggawe adab marang ndukurane. Maman ora wedi bakal dilaporake menyang KPK amarga isih ora onok bukti. Maman uga mikir yen ora bakal iso dituduh korupsi. Ing wektu mung 2 dino saka kejadian kuwi Sandra lan Parji ngumpulake data bukti kanggo njiret Maman ing KPK. Akhire Sandra nemu bukti laporan dhuwit sing durung suwe diwenehake marang Parji.
Nalika bukti wes cukup, Parji lan sandra budal nglaporake Maman ing KPK. Maman diceluk marang KPK 2 dino sakwise laporan lan bukti diserahake. Maman bingung ora karuan amarga dhuwit korupsine wes ludes ora onok sisa. Ora suwe sakwise diperiksa marang KPK, kabeh donyane disita termasuk sepeda lan omahe. Ora mung iku Maman uga dipenjara 3 tahun. Nano kancane Maman sing melu ngentekake dhuwite Maman ogah campur tangan lan ogah nulungi Maman. Dheweke ora peduli marang Maman.
“Alhamdulillah, akhire tikus ing kecamatan iki wes dicekel KPK. Aku njaluk marang sampean sampean kabeh. Dadio wong sing jujur. Amarga jujur kuwi kuncine sekabehane kunci.” Tuture Parji marang pegawai kecamatan. “Inggih pak.” Pegawai njawab bebarengan. Sakwise perkorone Maman rampung, Parji oleh penghargaan saka bupati. Penghargaan kuwi nandakake yen Parji camat sing jujur lan wicaksono. Atine Parji bungah banget. Senajan ditinggal marang wong tuone Parji isih iling pesen saka wong tuone. Maman akhire nyesel karo sing dilakokake. Dheweke janji nalika wes bebas saka penjara, dheweke bakal berubah dadi wong sing jujur.