BAB : 1

1.2K 8 0
                                    

" Garwo iku tegese sigaran nyowo." ujare Bu Tejo ibune Kinanti.

" Nyowone uwong kan mung siji to Bu, kok disigar iku piye to.?"

" Karepe kui yen kowe suk rabi,kowe kui dadi bagiane bojomu. Nyowomu dadi siji karo nyowone bojomu. Nyowo kui kekarepan dudu roh. Mudeng ora ? "

" Nyowo kok dadi siji ki piye to Bu?"

" Wah wes embuh.. nerangke karo cah bodo nyat angel." ujare Bu Tejo Karo menyat nyang pawon.

Seneng atine Kinanti ora koyo yen lagi ketemu sesandingan karo Bagaskoro. Nanging pungkasan wingi krungu kabar jare Bagas barengan karo cah wadon liyo. Bener ora yo. Opo mung isu gosip tok ? Vita kui cah IPA seng ngesir karo Bagas nganti gelem mbayari jajan bakso es kopyor. nanging Bagas ora gelem ngladeni. Yo Kuwi sing ndadekne tresnane Kinanti samsoyo kandel.

" Dadi cah wadon iku ojo mentel koyo wong ra payu rabi. Arepo Kowe seneng, Ojo ngatonake perasaanmu. Kui Yen ibu mbiyen. Dadi wong lanang isoh ngajeni kowe . Suk yen dadi bojomu, bakal bangga mergo duwe bojo sing ora gampangan. Wong Lanang kui apike yen durung dadi bojomu. Yen wes rabi, opo maneh wis duwe anak, bojo kui dianggep konco turu. Yen melek udu."

" Mentel kui Opo Bu?"

" Kemayu, kakean polah.koyo jaran mbedal." ujare Bu Tejo.

Kinanti hurung wani matur ibune masalah sambungane karo Bagas mergo wedi diseneni. Sebabe ibune kui wis tau dilarani atine dening pak Tejo naliko enom. Kinanti ugo tau dicritani menowo pak Tejo ndisik duwe yang( pacar ) nek kantore. Bapak kui apike nyayang bojone mung wektu pacaran nganti duwe anak siji umur 5 tahun. Bar kui edan.
Nanging Kinanti percoyo menowo Bagas ora koyo bapake mbiyen.

***

Wayah bubar shalat ashar, omahe Kinanti wes kebak kendaraan lan mobil tamu soko keluargane Bagaskoro. Kinanti ora dikandani mergo Bagas gawe surprise karo ibune Kinanti. Kajobo soko iku Bagas ora gelem yen disebut mung dolanan karo anake uwong. Kinanti sing deg2 an malah ndelik etok2 tuku soto neng ngarepan.

" Monggo..Monggo injih mriki dalemipun Woro Kinanti." celatune Bu lan pak Tejo mbagekne tamune.

Bareng caroko soko keluargane Baskoro omong Yen tekane mrono arep nembung Kinanti, pak Tejo kaget. Semono ugo bu Tejo sing ora rumongso dikandani putrine.

" Nduuuk..Kinantii..bocah kimau nyandi to." ujare Bu Tejo karo menyat nginguk kamar. Ono Bayu adine Kinanti.

" Nyang warung soto mau bu'" sambunge adine Lanang. Nanging pak Tejo wes wani pangandikan marang tamune tanpo kudu nggoleki Kinanti.

" Nyuwun pangapunten saderengipun njih, menawi bade tetembungan puniko kedah wonten sarujukan rumiyin saking keluarga kulo, lha panjenengan sedoyo rawuh mboten maringi kabar saderengipun. Kajawi saking puniko gendhuk Kinanti sampun gadah calon sisihan saking trah sentono piyambak. Ngapunten njih..kulo mboten saget nampi lamaran penjenengan sami" ujare pak Tejo sing terang2 an nolak lamaran soko keluargane Bagaskoro.

Kinanti krungu suarane bapake gemblandang teko njero atine koyo diiris- iris larane. Kinanti nangis sesenggukan nek pundake ibune.

" Yowes..ayo podo mulih. wong wedok kok arep dimulyakne ora gelem ki arep dadi opo ? Nadyan anakku hurung kerjo, wes tak sembadani, takgawekne omah,tak jamin uripe. Bandane wongtuwane Bagas iku akeh. Yowes..mugo2 anakmu dadi prawan tuwo. Huh !!" celatune bapakne Bagas karo menyat lungo bareng brayate.

***

Sakbenere arep rabi iku pancen ora gampang koyo nglumahke tangan. Tembe mburine kudu dipikir disik. Kinanti iku bocah cilek. Lagi seneng guyon lan dolan, durung ngerasakne urip srawung karo bojo.

Ibune ngendiko ono dasare. mergo wes akeh mangan uyah. Ngerti pait getire urip. Kinanti arep dijodohke Karo Gagah putrane pak Rangga iseh duwe garis turunan wong ngaluhur. Gagah sing saiki kerjo ono Jerman wes gelem oleh bojo ayu koyo Kinanti.

" Bapakmu kui bener nduk. Wong nglamar kok dadakan koyo wong nebas jeruk. Kudune yo takon kowe disik, gelem ora, trus takon dinone opo arep teko. Kowe kui diajeni bapakmu.. suk bojomu yen ngono kui bakal nyepelekne kowe. Peh sugih bondo njur bojo dianggep isoh dijoli duit." mengkono ngendikane Bu Tejo.

Kinanti getun mergo karepe arep gawe kagetan utowo surprise nggo bapake yen ono cah bagus sing arep gelem ngrabi deweke. Nanging jebul bapake malah nolak.

Kinanti wes seminggu ora nompo tilpun Opo Videocall soko Bagas. Malah nomere diblokir. Tangise Kinanti samsoyo keronto- ronto sedih. Ora gelem noleh soko bantal naliko ditimbali pakde Sosro sing teko nggowo oleh2 Soko Gagah.

" Nduk.. Iki lho calon bojomu. Opo ora bagus ?" ujare ibu karo masang flashdisk nek tv plasma kamare Kinanti. Nek layar njedul gambare cah bagus Gagah lagi kerjo nek pabrik pesawat dadi tehnisi. Kinanti ndelokne Karo ngucek mripate sing rembes mergo nangis terus. Sing aran Gagah Santoso kui pancen gagah bagus tur sumeh. Dadakan Kinanti isoh mesem mergo nyawang eseme Gagah no layar tv. Koyone cocok kui dinggo bebojoan. Mengkono batine Kinanti.

'" Mung gambar we." jare Kinanti.

" Gambar piye to .. kae wonge wes neng ngarepan karo ramamu." ujare Bu Tejo Karo ngguyu seneng krungu wangsulane Kinanti. Hah ? Tenane? Kinanti gugup lan bingung krungu ujare ibune sing pungkasan. Opo bener mas Gagah teko omah ?

" Yo kosik tak adus sik." celatune Kinanti menyat nyang kolah.

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang