BAB : 3 PAGER AYU

536 4 0
                                    

Ibune Kinanti krungu wadule anake perkoro tekone sing lanang ora gelem mangan masakane malah nyengeni Kinanti. Jare ibune, wong wadon iku kudu isoh jogo  pager ayu rumah tangga karep ben wong Lanang isoh rumongso diajeni lan  digatekne. Ora terus murung, nesuvoea gelem masak.

      " Tapi kan mas Gagah iku kulino neng luar negeri Bu, dadi ora butuh tak gatekne utowo kudu tak masakke."

      " Kowe Kuwi yen tak kandani ojo wangsulan terus. Ibu omong iku nggo kebecikanmu ugo. " ngendikane ibune. Kinanti ngerti yen jaman biyen ibune tansah masak nggo bapake ugo nunggu ora madang yen bapake durung mulih.

         Bengi iku Kinanti wes ora nganggo cawet ugo kutang gen bojone gampang yen selak ngajak gancetan. Gagas sing wingi wes isoh gawe Kinanti ngetokne komosutro sainggo kroso marem, Saiki Kinanti ngarep - arep wektu sing aji iku, nanging nganti bengi awake Kinanti kademen ora kemulan yo ora digrayaki blas. Nganti esuk Kinanti mung mbatin menowo bojone pancen duwe demenan no kantor kroso mergo klambi seng dinggo lungo kerjo mambu minyak wangi udu sing biasa dinggo Gagah.

       " Ngopo ngamboni klambiku ?" pitakone Gagah naliko weruh bojone ngambu klambine sing cementel ono hanger.

      " Sampeyan duwe demenan no kantor to. Bares !" ujare Kinanti.

      " Demenan Opo ? Kok isoh ngomong ngono kui dasare Opo?" ujare Gagah meh emosi.

      " Iki klambi sampeyan mambu minyak nyong2 noh" sambunge Kinanti. " Opo aku ora apal lengo wangimu mesti larang regane, ambune bedo."

       " Wes orasah ngarani sing ora2 Jenenge nek kantor srawung wong akeh yo kadang srempetan karo koncoku, kadang mambu kringet ledis barang" celatune  Gagah.

       " Aku melu tenis. " ujare Kinanti naliko bojone wes siap arep lungo tenis dino Setu.

         " Po kowe isoh?"

         " Yo ndelok tok noh karo dikenalke koncomu"

          " Ora isoh ngono kui. Iki kan wong lanang kabeh arep tandingan karo bagian liyo." wangsulane Gagah.

         " Ah nek sekolahku biyen guru do tenis ngajak bojone malah karo pamer bojone ayu."

          " Iki kan dudu sekolahanmu" ujare Gagah kambi njangkah metu ko omah nyetarter mobil.

         " Sarapan sik to mas " ujare Kinanti nututi nyedak nek mobil.

Gagah nutup jendelo mobil terus ngegas geblas Nang dalan gede. Kinanti mewek sedih ora digatekne bektine anggone masak lan nyiapke samubarang kanggo tresnane marang Gagah. Opo arep wadul marang ibune ? Opo malah njaluk dikudang diarani wong wadon ora isoh ditata. Koyo ibune mbiyen wong wedok kui mung dianggep konco wingking. Konco turu, yen melek dudu apa2 ne terus opo gunane buku nikah ? Wes pokoke kudu manut dawuhe ibu.

     Diampet tetep ora kuat nahan emosi Kinanti pengin arep ngindik kepiye polahe Gagah no njobo. Opo bener aturane kantor oea oleh gowo bojo nyang lapangan tenes ? Bali mlebu ngomah Kinanti njupuk hp terus pesen grab kon ngeterke nyang lapangan tenis kantore Gagah.

    Ngegrab Kinanti nyusul bojone sing tenis no lapangan cedak kantor. Kinanti tetep sujono mergo bojone ora gelem mangan masakane ugo ora gelem ngeloni turu koyo dek manten anyar. Gene dilit wae mobil grab sik dipesen Kinanti wes tekan omah.

     " Mas mengko aku tetep nek njero mobilmu parkiren pinggir jalan pager lapangan tenis." ujare Kinanti marang  sopir grab.

      " Nggih mbak. Mangke kulo tak ngawasi bojone njenengan sek pundi"

      " Iki lho potone.." omonge Kinanti Karo nduduhke potone dek manten anyar. Sopir grab mantuk2.

      Mobil grab digas nututi lakune Gagah sing wes lungguhan nek kursi dowo pinggir lapangan tenis Karo ngguyu2 njawil cah wedok sing dijak kancane. Malah Gagah ketok seneng banget madang panganan wungkusan sing digowo wanito iku. Kenyataane ing lapangan tenis do nggowo bojo podo geguyonan.

       " Sik mas .mobile gowonen tekan kantor wae, aku tak mlebu lapangan kowe nunggu njobo." ujare Kinanti wiwit baper.

       " Njih mbak."

     Mobil dienggokne muter Bali Nyang kantor mandeg persis ngarep halaman kantore Gagah. Kinanti mudun langsung dicegat satpam.

       " Ibu sinten njih ? Kersane nopo?"

       " Arep perlu Karo pak Gagah, aku bojone." celatune Kinanti karo nduduhke potone pengantin wingi .

       " Oh injih Bu Monggo mlebet mawon." wangsulane satpam sing ketok ngajeni karo Gagah .

     Tekan Jero lapangan tenis, Kinanti ngampet emosi weruh Gagah mangku cah wedok ayu kambi mangan nasi bungkus sing ora luwih enak timbang basakane Kinanti. Koncone Gagah Podo suit2 weruh tekane Kinanti sing langsung nyeraki bojone. Gagah kaget setengah mati diduduhi kancane menowo bojone teko lapangan.

      " Mbak aku pesen nasi bungkuse siji. Aku yo ngeleh iki." ujare Kinanti naliko wes ngadek neng mburine Gagah.

        " Njih Bu..Niki  tasih kathah kok" ujare wanito iku karo gemregah ngadek ngeculke tangane Gagah sing lagi nyekel bokonge. Gagah noleh kaget mergo sing pesen sego jebul bojone dewe.
      
      " Aduuuh..kowe ki ngopo kok ndadak nyusul ?" ujare Gagah karo menteleng. Wanito iku keweden naliko sego bungkus sing dipesen Kinanti dibukak terus disebar neng kaose Gagah. Koncone Gagah panik melu misah supoyo ojo padu. Nanging Kinanti langsung mulih.

      " Mama !!" ujare Gagah karo nggondeli tangane Kinanti menggak supoyo ora nesu.

      Gagah geret bojone terus ngrangkul pundake Kinanti sing nangis ngguguk neng kekepane.

    " Wes aku arep mulih. Saiki wes jelas sampeyan cidro !" ujare Kinanti Karo ngeculke kekepane bojone.

     " Kinan ! " ujare Gagah jaro Melayu nututi langkahe Kinanti.

      " Pak Gagah nggih ampun ngoten. Sing sareh mbak.. Mesti pak Gagah mau ora kerso dahar sarapan masakane garwane.. arep  melu ora oleh." ujare bapak2 sing sajake koncone pak Gagah.

      " Mbak lenggah mriki mbak, kenalan kalih ibu2 Niki" ujare ibu2 sing melu kancane Gagah. Gagah nututi nyang ngarep njur sisan mbayar sopire grab, terus ngajak Kinanti bali mlebu nyang lapangan tenis.

      Kinanti ketok magep- magep- neng dodone Gagah naliko tekan njero lapangan dikenalke konco2 be Gagah.

     " Bu Gagah..lenggah mriki Bu." ujare wanito ayu sing sajake anakbyahe Gagah.

      " Hhmm  wes .orasah ngadi- adi  Aleman nganggo nangis barang " ujare Gagah anyel karo Kinanti

      " Yowes, aku mulih !" celatune Kinanti karo menyat lungo.

      " Minggato !!" celatune Gagah.

      " Gagah ! Kowe ora keno ngono kui karo wong wedok. Opo maneh kui sisihanmu iseh bocah, Kowe kui dadi bojo kudu isoh ngemong ora golek menangmu dewe !" ujare pak Warso kepala bagian keuangan kantore Gagah.

       " Hmm..Kulo kedah pripun pak"

        " Kowe njaluk ngapuro opo abote to le tinimbang kisruh mengko selung sirup." ujare pak Warso.

       Bagas njangkah metu arep ngoyak lakune Kinanti jebul wes ilang soko pandelenge. Kinanti wes pesen grab mulih ninggal bojone sing lagi nesu nek lapangan. Gagah miskol bola bali ora diangkat bojone.

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang