BAB : 10 SOKOGURU

82 1 0
                                    

Tegese garwo ugo kanggo wong Lanang kang dadi sokoguru utowo kepala kaluwargo. Tanggung jawab kang dipikul dening wong lanang luwih abot timbang wong wadon kajobo meteng.

Mulo Bayu kang wes lulus kuliah, wes kerjo wiyata bakti ono Pemda durung wani golek sisihan. Nanging wong tuwane ora sronto mergo selak momong putu.

"Kowe cah lanang, bagus, pinter, wong tuwamu yo sugih kuwat ngragati yen kowe rabi utowo omah2, kudune menang milih. Angel kui cah kutho, turunan ngaluhur, yo mesti beda karo pacarmu Pratiwi mung anake bakul sate tur soko ndeso. Angel lulusan luar negri pinter boso inggris upomo seneng macak coro artis kudune kowe bangga. Kabeh tonggo utowo konco ngalem ayu tur modern." ngendikane Bu Broto nek ngarepe garwane.

Bayu mung ndingkluk meneng wae ora wani umbal yen diwejang wong tuwane. Pancen Pratiwi iku koncone SMA ora neruske kuliah mergo ora duwe ragat. Nanging wiwit kenalan Bayu wes ngroso tresno budi pekertine pancen ayu koyo rupane dalah agamane. Pratiwi janji menowo ora gelem dirabi wong liyo kajobo Bayu. Pratiwi kui ayu alami ora nganggo bedak gincu, gelem rekoso amrih ing tembe uripe mulyo upomo klakon dadi sisihane Bayu.

"Yowes to mas, yen sampeyan kudu manut pilihane ibu, kuwi oleh rido utowo restu ing tembe bakal mulyo donya tumeko akerat." ujare Pratiwi sing dieling- eling Bayu.

     Banggane Bu Broto ndelok calon mantune sing biso nyetir mobil iku teko omah gowo mobil Pajero sport, kocomoto Ireng, katok cendak ngetokne pupune putih mulus, rambute semir ijo,ngetokake yen deweke cah modern. Yen Tonggo Podo nyawang ora mergo Angel cah masa kini, tapi seneng ndelok pupune sing putih mulus, susune sing gondal gandul tanpa kutang.

     Bayu sing kulino srawung Pratiwi prawan solehah nganggo hijab rodo riseh ndelok pilihane ibune macak koyo lonte. Utowo wanito sing biasa ditemoni nek cafe dadi purel pancen dodolane gandos lempit.

      "Mas..anter dong gue ke mall di kota ini" ujare Angel sing bangga isoh boso Jakarta Lulu guegue. Bayu unjal ambegan karo menyat ngadeg.

      "Ojo lali ibu ditukokne gamis Yo yu " sambunge Bu Broto caper.

Kamu telah mencapai bab terakhir yang dipublikasikan.

⏰ Terakhir diperbarui: Jun 17 ⏰

Tambahkan cerita ini ke Perpustakaan untuk mendapatkan notifikasi saat ada bab baru!

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang