BAB : 6. ( GANDRUNG )

288 4 0
                                    

Gagah wes klakon ngeloni asistene sing ayu arane Endang Werdiningsih. Nadyan rupane Endang ora luwih ayu tinimbang karo bojone dewe Kinanti. Wong Lanang kui angger lagi Gandrung  wingko katon kencono ( pecahan genteng terlihat emas ) wajah yg jelek terlihat cantik. Mongko sakjane Endang yo wes duwe bojo nanging isoh culiko nganggo aji pamiluto.

         " Iki kopine diunjuk to mas" ujare Kinanti naliko Gagah lagi wae tangi lan sikatan. Sewengi Kinanti seneng mergo Gagah biso ngeloni kanti sakehing katresnan ora koyo biasane. Mestine Gagah wes owah Soko kelakuane sing tukmis lan geleman. Lingsem karo morotuwo yen konangan drajate mudun asor soko trahe ngaluhur menyang pidak pejarakan utowo nistha.

       " Oalah jeng..aku wes kebacut tresno mring sliramu.. jiwa ragaku wes tak pasrahne marang kowe jeng."
mengkono ujare Gagah kambi ngambung pipine Kinanti kiwo tengen koyo bocah cilik sing banget gemeske. Morotuwone melu trenyuh mergo panggraitone Kinanti salah. Kinanti sing maune ransah sujono lan mangkel karo sisihane kanyoto ora bener. Buktine saiki malah tansah ngungrum gandrung marang Kinanti.

        " Tenane ?" .pitakone Kinanti.

        " Tenan jeng, jeng Endang sing ayu dewe sak donya iki. Aku ora bisa adoh karo sliramu jeng. Deloken njero dadaku iki mung ono kenya siji sing tansah gawe atiku mongkog. Yo mung kenya sing aran Endang Werdiningsih  Sarjana Hukum." ujare Gagah karo ngguyu2 ngrangkul Kinanti.

      Saknaliko Kinanti menyat njorokne bojone uwal Soko kekepan tangane krungu sebutan wong wadon aran Endang. Jebul bojone lagi nandang kasmaran marang wong wadon iku.

     " Aku dudu Endang mas." ujare Kinanti setengah mbrebes sedih. Ibune sing ngadek ono njero pawon Melu krungu lan trenyuh. Ibune Kinanti rumongso salah mergo wes njodohake anake karo pria sing salah
.
       " Eling mas..sampeyan bojone Kinanti, Dudu bojone bakul sego liwet nek pinggir dalan" ujare Kinanti kambi nangis ngulatke mripate Gagah sing maune luruh dadi njenggirat nesu. Morotuwone sing tansah dedonga supoyo mantune luput soko godane Jim setan klakon ijabah. Gagah eling menowo deweke wes nyebut wedokan aran Endang. Nanging mundur isin dadi malah nesu.

       " Oo salah Yen kowe nganggep Endang bakul sego. Endang kui asistenku, sarjana hukum ora koyo kowe sing ora sekolah. Wes, aku mangkat, ora ngopi." ujare Gagah menyat metu soko omah ninggalke bojone sing magep2 nangis rumongso Ino diremehke Gagah.

     Bu Noto ora kumecap blas mirengke opo kang dilakoni anake wedok. Mestine bedo kambi lelakone mbiyen naliko ladi karo pak Noto.

     " Ibuuuu... hu hu huuuu"  tangise Kinanti ora isoh kebendung banjur ngrangkul pundake ibune sing melu mbrebes.

     " Sing sabar Yo nduk. Gusti Allah bakal mireng opo sesambatmu. Dadi wanito iku pancen abot. Bedo karo wong wadon urakan. Mengko bojomu mesti eling lan uwal soko godane setan."

   ***

      Gagah bungahe ngungkuli nemu emas sak gentong naliko ketemu Endang no kantor nganggo pakaian ketat dirangkepi blaser ireng.  Asistene Jan katon ayu lan sexy nganggo seragam ketat nganti cawete ngepres ketok ko njobo.

     " Iki tak gawakne camilan dek. Mau mampir nek bakery." ujare Gagah kambi ndelehne roti coklat no mejane Endang .

     " Matur nuwun.." wangsulane kenya ayu iku karo mesem nyawang Gagah.
     Gagah mongkog diwehi kesempatan ndemok susune Endang sing katon menthek2 no njero blaser.

     " Hiiih keri mas."

     " Wes gowo handuk ? karo salin nggo mengko ?" pitakone Gagah.

      " Sampun mas."

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang