BAB : 8 VC BAGAS.

270 4 6
                                    

Kinanti ngrumangsani yen durung bisa gawe bungahing Gagah mergo durung tau meteng sawise nikah ngancik telung taun. Tau bola- bali trek mergo kondisi pikirane tansah sungkowo jalaran digawe Gagah. Esuk2 ditelpon Bagas ngabari yen wes nyambut gawe ono Jakarta.

"Alhamdulillah Soko pandongamu, aku wes oleh gawean ono Bea Cukai. Anakmu wes gede Kin?"

"Sukurlah Gas, aku durung diwenehi momongan kok. Wingi malah trek pindo mergo pikiran ruwet."

"Ruwet mikir opo wong garwane yo priyayi sugih tur mapan, ora koyo aku wong cilik."

"Mbok ora ngendiko ngono. Aku menderita mergo mas Gagah iku ora bares tur gawene madon ono kantor."

"Oalah. Aku kok ora nggraito menowo garwamu koyo ngono. Aku tetep tresno sliramu kok Kin. Upomo .."

"Upomo opo mas? Upomo aku dadi sisihanmu, ebo bungahing atiku." wangsulane Kinanti karo mbrebes. Krungu sambate Bagas soko video call nggrantes.

"Ohh..aku Melu sedih Kin. Opo ibumu kerso nompo aku mung wong cilik sing ora pantes sandingan karo kowe, nadyan jroning atiku ora biso uwal soko sliramu" Kinanti nyelot ngguguk olehe nangis kelara- lara. Pungkasane hp dipateni karo nyambung liwat chatingan whatsapp.

"Piye mungguh penggalih sampeyan mas? Opo aku kudu nelangsa nganti mati? Opo aku kuat nyonggo kahanan kang pahit Iki? Mas aku tresno kowe.." celatune Kinanti karo mewek.

"Trus piye ibumu yen kowe nompo katresnanku? Ojo marai aku kuciwo lho Kin. Piye bojomu?"

"Mas Gagah ditahan polisi mergo korupsi. Padahal sing korupsi sejatine sekretarise sing aran Endang. Mas Gagah nutupi salahe Endang mergo kerep selingkuh." ujare Kinanti bloko.

"Trus? Ibu ngerti noh?" pitakone Bagas penasaran.

"Ibu semaput. Saiki aku nunggu ibuku lagi gerah" celatune Kinanti marem isoh crito karo Bagas. Bagas dadi semangat lan pengin kanda arep duwe rencana teka nyang Solo marani Kinanti.

"Upomo aku mulih Solo teko omahmu piye?"

"Kapan?" wangsulane Kinanti semangat.

"Sesuk tak tuku tiket."

"Tenan Yo mas, tak enteni janjimu. Mugo2 ibu dadi mari yen weruh rawuhmu." ujare Kinanti karo mesam- mesem.

****

"Bu . Iki obate diunjuk sik. Ben ndang mati" ujare Kinanti karo ndulang obat ibune.

"Apuranen ibumu Yo nduk? Jebul pilihane ibumu salah ndade'ake kowe susah"

"Ora popo kok Bu."

"Orapopo piye wong bojomu ditahan polisi nok"

"Wingi aku ditelpon mas Bagas. Jare sesuk arep niliki ibu gerah."

"Bagas sopo? Opo kenal aku to nduk?"

"Bagas sing koncoku sekolah kae.. Saiki kerjo nek Bea Cukai Jakarta." ujare Kinanti kambi mesam- mesem. Nanging ibune ora ketok sumringah krungu kabar iku.

"Trus opo arep mbebasne ukumane Gagah?"

"Kok arep mbebasne mas Bagas opo dulure?"

"Lha ngopo?"

"Arep nambani gerahe ibu.. wong tak kabari yen ibuku gerah."

"Tombo opo, wong laraku mergo isin lan cuwo duwe mantu kok wong ukuman. Njur tombone opo coba?"

"Mas Bagas arep nglamar aku yen ibu pareng" ujare Kinanti karo mesem.

"Opo Bagas gelem nompo randamu? Trus piye carane kowe nikah yen durung pegatan karo bojomu sing neng tahanan?"

"Iki lho Bu.. mas Bagas arep matur ibu" celatune Kinanti karo nduduhake video callan mbi Bagas sing iseh nganggo seragam dinas Bea Cukai.

"Oh.. baguse koncomu" ujare Bu Tejo wektu nyawang nek hpne Kinanti weruh rupane Bagas.

"Sugeng siang Bu" ujare Bagas ngguyu ketok untune gingsul.

"Nggih. Sampeyan sinten?"

"Kulo Bagas konconipun Kinanti teng SMA."

Bungah atine Kinanti weruh ibune katon ngguya guyu ngobrol mbi Bagas sing gagah lan bagus.

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang