BAB : 9 DILABRAK

140 1 0
                                    

Endang sing wes isoh nglebokne Gagah neng kunjoro hurung trimo mergo ora isoh meres duwite. Saiki teko ngomahe Kinanti kambi nggowo bojone sing preman.Endang ngiro mertuane Gagah iku wong sugih tur turunan ningrat yen diperes mesti iseh ono duwite. Bu Tejo nadyan wes kuwirangan mantune dikunjoro, nanging hurung lilo yen ngeculke putrine kinasih dirabi Bagas kang dianggep kasta rendah.

"Kulo nuwun.." celatune Endang naliko teko omahe Kinanti.

"Monggo," wangsulane Kinanti metu soko omah nemoni tamune. Kenyo ayu iku ora nggraito yen gendakane Gagah tekan omahe arep ngrembug opo mergo ndelok pulatane sajak nesu nyawang Kinanti.

"Bojomu we gawe isin keluargaku, jaluki gelang kalungku mestine dinggo blonjo Kowe to. Aku ora Trimo! Iki mas.. lontene culik wae guwang nyang segoro " ujare Endang karo age2 geret tangane Kinanti. Bojone Endang sing ngenteni jobo Melu mekso geret tangane Kinanti. Kinanti nangis karo mberot pengin uwal soko bajingan sing disewo Endang saenggo ibune metu jerit2.

"Iki piye to.. sing gawe ontran2 kirak kowe to godani mantuku nganti ora mulih seminggu." ujare Bu Tejo.

"Wes pokoke Yen Kowe ora bayar ganti rugi 25 juta, anakmu wedok tak pateni" ujare bojone Endang. Bu Tejo dadi nyelot banter tangise mergo keduwung njodohne Kinanti karo Gagah sing ora duwe utek.

"Iki sopo Podo ngopo gawe kisruh ibuku?' ujare Bagas dadakan karo geret lanangan sing gujer Kinanti.

"Kurang ajar sopo Kowe hah.. Asuu!" bengoke pawongan iku sing kelaran dikampleng Bagas. Bu Tejo kaget dene uwong sing digetingi srawung karo Kinanti biso nulungi.

"Pateni wae lontene Iki." ujare Endang.

"Tuluuung.. Gusti.. anakku salah Opo?'" celatune Bu Tejo  kambi mewek.

Kinanti ditarik Endang metu soko omah naliko koncone bajingan dipiloro Bagas kang nyekel pistol. Bu Tejo gela weruh Bagas jebul dadi Intel polisi sing isoh gawe tentreme Kinanti.

"Dor dor dor!" pistol sing dicekel Bagas muni, sikile wong lanang sing mekso Kinanti pincang ditembus peluru. Endang ngoplok nganti kepuyuh weruh bajingan sewane ambruk njur dikecrek tangane.

"Ampuun pak.. kulo mboten niat mekso tapi diken kaleh mbak Endang" ujare wong iku karo nyekeli sikile sing getihen. Let sedela teko mobil polisi mandeg nek ngarep omahe Bu Tejo.

"Ayoh munggah kabeh. Kowe wedokan sing gatelen ngrusak pager ayu. Lonte!!" ujare Bagas karo njorogne gegere Endang munggah trek polisi.

     ***

      "Kulo nyuwun pamit riyen Bu, Niki mbeto tikus2 niku mlebet pakunjaran" ujare Bagas gawe renaning Bu Tejo sing nyawang karo mbrebes. Upomo biyen Bagas ditompo rabi karo Kinanti, mesti ora ngene dadine. Batine Bu Tejo kang trenyuh nyawang Kinanti gondeli tangane Bagas koyo ora gelem ditinggal.

     Bejane Kinanti durung oleh momongan seko Gagah dadi lanjut nikah karo Bagas mung gawe  layang pegat trus munggah Nyang KUA.

    Tresno sejati kuwi ora nyawang bondo Rupo. Nadyan Kinanti wes ora prawan, dirabi Gagah 3 tahun tetep suci kanggone Bagas. Bungahe Bagas karo Kinanti biso dinikahke kanti restune Bu Tejo gawe mongkog atine. Semono ugo Bu Tejo sing tembene duwe mantu sing gemati,biso mulyo uripe ora mergo kasta wong ngaluhur( priyagung ) ningratan.

      Yen tembene uripe Bagas nikah karo Kinanti malah biso nyelekne matane Bu Tejo menowo sejatine mantune yo iseh tedak turune priyayi ngulomo kang luweh aji tinimbang Gagah sing jebul priyayi koyo ndoro alias bajingan.

     Critane Bagas tekan semene disik yo mas, mengko ditunggu bacute.

Garwo season 2. Monggo komen menowo duwe crito liyane tak tulis. Opo we anan nganggo nomerku 085840202898.

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang