BAB : 7

213 2 0
                                    

Tangi seko turune sing pules nganti jam tengah wengi Gagah kaget  goleki Endang orang ono sandinge. Malah metu soko kamar hotel nggoleki cah wadon sing dijak ngamar itu ugo ora ketok. Nanging ono sawijining pria lungguh ono ruang tamu karo udud. Sujanane Gagah mergo ora ketemu Endang, nanging kok ono pria sing nyolowadi.

     " Siapa ya ?' pitakone Gagah naliko metu Soko kamar nyedaki pawongan iku. Sing ditakoni age2 noleh karo nyawang raine Gagah.

     " Oh sudah bangun to. Gini mas, aku suaminya Endang. Ini buku nikahku" celatune pawongan mau kambi nduduhake buku nikah.  Mak tratap atine Gagah naliko krungu pengakone wong iku menowo bojone Endang kang sah. Lha karepe piye ?

     " Lhoh..aku gak tahu mas  Kan Bu Endang asistenku, bilang kalau belum punya suami." ujare Gagah gemeter.

      " Wes rasah alesan, tak gowo nyang polisi kene." ujare pria mau karo  age2 nyekel tangane Gagah. Gagah jan keweden menowo nganti digowo menyang kantor polisi rak malah wirang tekan ngendi- endi.

     " Kalau damai saja mas, aku akan bayar berapa asal mas tidak lapor polisi. " ujare Gagah karo ngetokne dompet.

      " Yo rapopo yen cocok."

      " Ini aku punya 500 ribu."

      " Mbok pikir bojoku lonte Opo bayar mung semene ?"

      " Lha Piro mas..Ojo nganti bojoku ngerti." celatune Gagah nyelot wedi .

      " 5 juta sek. Yen ora, tak gowo nyang kantor saiki "

     Gagah rumongso abot ngetokne duite 5 juta mergo karepe golek gratisan nuthuk asistene. Gandeng sikon ora ndukung, akhire Gagah kelangan duit sakmono ora weruh Endang wes mulih digowo sisihane. Edan ! Iki pemerasan! Awas sesuk yen mlebu kantor arep tak pindah opo tak pecat.Batine Gagah mangkel banget mergo Endang pinter sandiworo. Nadyan kanggone Gagah duit 5 Yuto iku mung gajine seminggu, nanging rosone abot Yen muk ngeloni bojone uwong wae kok ngungkuli bayar purel no KV.

     ***

    Kinanti ora dendam lan ora mangkel wes diserik- serikke bojone mau esuk. Bocah ayu iku wes nyepaki dinner no mejo makan lan nunggoni nganti satekane sisihane. Wes kaping2 anggone angop mergo wes ngantuk nunggu tekan jam 12 bengi Gagah hurung mulih.

      " Oalah nduk..melas aku nyawang awakmu sing nyelot kuru. Kabeh mau salahe ibu." celatune BuTejo kang nggrundel marang awake dewe. Saupomo ora dijodohke mesti anake sing nurut lugu iku ora bakal sengsoro digawe susah bojone.

     Lawang ngarep hurung dikunci naliko mobile Gagah wes tekan latar sisan mateni mesin.  Gagah mlebu ngomah koyo wong bar kecopetan. Suntuk lan ora sumringah. Nanging Kinanti ngadeg sumringah karo nyandak tangane bojone lan diambung.

     " Lagi kondur mas ?" pitakone Kinanti kambi mbukak tutup cawisan kang isi daharan kanggo dinner.

      " Aku mau dirampok." celatune Gagah kambi ngombe kopi sing wes adem gaweane Kinanti. Krungu bojone dirampok Kinanti kaget njenggirat nyawang raine Gagah sing pucet.

       " Dirampok ? Trus sampeyan ora dipilara to?"

       " Nanging duitku sak dompetku dijaluk kabeh  10 juta olehku ngebon kantor malah ilang." wangsulane Gagah goroh. Kinanti jane yo gelo, nanging atine adem mergo oleh ulat padang soko Gagah.

        " Sing penting sampeyan Slamet mas. Duit keno digoleki, angger sampeyan tetep sehat." wangsulane Kinanti kambi ngancani madang. Gagah rumongso bungah yen bojone percoyo kambi sing dicritaake. Nadyan satemene goroh.

***

     Ono tamu Soko kantor bank nggoleki omahe Gagah. Bu Tejo kang lagi arep metu menyang pasar bungah mergo tamune ngaku Soko bank kantore mantune.

      "Betul di sini rumah pak Gagah."celatune Bu Tejo. " silahkan masuk, orangnya juga belum berangkat kok" sambunge Bu Tejo.,

      Nanging, naliko Bagas metu pawongan iku malah
katon bringas getak2.

      "Oh Iki omahmu to, wes kene aku bayaren 5 juta maneh yen pengin wadimu ora konangan wong" ujare wong iku. Krungu ujare wong iku, Bu Tejo banjur nyambung.

        "Iki Ono opo heh? Ojo sembrono ngomong ya, tak laporke polisi yen kowe arep gawe ukoro." ujare Bu Tejo sing ora trimo anake arep dipalak.

       "Buk, sampean ora ngerti to, Yen anak sampeyan niku keno urusan polisi mergo korupsi duit kantor puluhan juta rupiah." ujare wong iku. Bu Tejo banjur mandeng Gagah sing katon pucet mergo boroke kaweruhan ibu mertuane.

       "Gagah! Opo bener Kowe wes korupsi duwit kantor?" pitakone Bu Tejo karo menteleng nyawang Gagah. Gagah arep selak ora isoh. Janjane sing nganggo duwit kantor Endang sekretarise, nanging nganggo tanda tangane Gagah. Gagah arep selak ora biso mergo sing teko ngomah ugo gowo polisi. Bu Tejo saknaliko lemes trus ambruk semaput.

       "Nyuwun ngapunten Bu" ucape Gagah kambi ndodok nulungi Bu Tejo. Let sedelo Kinanti metu karo njerit2 nangis ngrungkepi ibune.

      "Maaf mbak, suami mbak saya tahan. Ini surat tugas saya dari polres." ujare pulisi sing melu nangkep Gagah. Kinanti nyelot nangis kekejer mergo bojone ditahan polisi. Ora wurung selingkuhane Gagah konangan mertuwo lan bojone.

GARWOTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang