sekarat pati

68 2 0
                                    

Sholawat Abah K.H Ma'ruf Islamuddin

Ya Muhaimin ya salam
Salimna wal muslimin
Ya Muhaimin ya salam
Salimna wal muslimin

Binnabi khoiril Anam
Wabi ummil mukminin
Binnabi khoiril Anam
Wabi ummil mukminin

Aja Sira banget-banget
Nggonmu bunga ana dunya
Malaikat juru Pati
Lirak-lirik marang Sira

Nggone nglirik malaikat
Arep jabut nyawa nira
Yen wis tekan Titi mangsa
Kudu budhal Ra kena semaya

Larane sekarat Pati
1000 lara dadi siji
Merga Urip e padha lali
Marang tuntunan agami

Ninggal sholat ninggal ngaji
Mung maksiat sing di lakoni
Mula Urip sing ati-ati
Tembe mburi Ben ora rugi

Sapa wong e gelem iman
Taat mring dawuh pangeran
Uripe tekun sembahyang
Ora lali nderes Qur'an

Rino wengi seneng wiridan
Amal sunah dadi pakulinan
Lamun mati sekarat e gampang
Ora krasa babar pisan

Kumpulan lirik lagu (Part 2)Tempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang