Korona

181 2 0
                                    

   Korona
Tekanmu tanpo sangkan ngundang mala,
Gawe geger sak ambane donya,
Tangis girising manungsa,
Sumrambah bumi nuswantara.

   Korona,
Wujutmu cilik ora katon mata,
Ndelik kabuntel sakjroning raga,
Sing urip podo sambat lara,
Samar kelangan nyawa.

Mangan sega rasane sepo,
Ngombe kopi ra ana rasa,
Kaya kaya wes kewaca,
Titi wancine bakal teko,
Raga ditinggal lunga Sukma..


Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang