Lakon

125 1 0
                                    

Layang kumledhang nganggang nong awang-awang,

Kumleyang nyawang padhang hangadhang ing Tawang,

Limbung kesurung satemah bingung koyo ginanthung.

Katerak mendhung sansaya kedlarung-dlarung,

Moro pedhot cumlorot mencolot Soko bongkot,

Tinungkul ngambang kemampul ing sendhang,

Kenter Mili mburu kembang tanpo sumelang,

Nanging sayang, atine kadhung wirang,

Mergo sing digadhang ora biso dikencang,

Banjur njebur ajur mumur Tan keno disawang..

Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang