sampah

223 4 0
                                    

Sampah,,,
Diguwak sak dengah_dengah,
Disawang pating blengkrah,
Tumpuk undhung dadi limbah,,

Sanggar arep njangkah,
Metu Soko omah,
Ambune ra betah,
Mudeg- mudeg nggarai muntah,,

Yen ora age ditangani,
Samar mbebayani,,
Iso banjir ning ngendi-endi,,
Nyebar penyakit sing nggegirisi..

Ayo podho sadar diri,
Awake dewe sek miwiti,,
Liyane iso nuladhani,,
Tempat sampah wes dicepaki..

Amrih padhang papan panggonan,
Sehat seger kewarasan,,
Adoh bahaya sing ngancam
Awake dewe ya kerasan

Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang