Simbok

202 1 0
                                    

Simbok,
dongamu ora mung nggo tombok,
mergo anakmu urung kapok,
gawe Siro bengak-bengok,

Simbok,
kae srengenge wes njedul ketok,
budal neng sawah aku melok,
nandur kacang, pari ugo Lombok,
kanggo nyambung Urip tumekaning pathok,

Simbok,
sak iki wes ora ono sek alok,
adoh papan ora iso ndemok,
mung iso videocallan thok,
sambat nganti iluhku ceblok,

Simbok, aku kangen pingin ngamplok,
tenan mbok...

Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang