Lamis

140 1 0
                                    

Tresnamu kuwi Lamis,

Ngalor ngidul tak tutke lakumu,
Nanging Kowe Lamis,

Nibo nangi tak Uber playumu,
Nanging Kowe Lamis,

Loro tak pendhem sak kuwate dhadha,
Nanging Kowe Lamis,

Opo sek mbok goleki?!!!

Elok rupo aku duweni,
Raja brana aku nyukupi,
Budi pekerti aku ngayomi,

Opo nepsu birahi,
Jalarane kurang nek mung siji?!!
Karepmu njaluk gonta ganti.

Duh Gusti...
Koyo ngene iki rasane lara ati,
Sek tak ugemi cidra janji,

Duh biyung..
Sun njaluk pitulung,
Mugi tansah dikuatke,
Kabeh sek wes kadung,
Sun iso ngiklasne.

Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang