Ndhelik

98 1 0
                                    

Aku pingin ndhelik,
Nglanjutke Urip nong Jero bilik,
Ben ora krungu suworo benthik,
Ora weruh ati sing Serik,
Obah sethithik ndadekke purik,

Aku pingin ndhelik,
Nglanjutke Urip nong Jero bilik,
Nganti kapan urung tak tilik,
Samar Ono sek nglirik,
Mundhak dikiro ndhakik,

Aku pingin ndehelik,
Nglanjutke Urip nong Jero bilik,
Mugo kahanan Enggal apik,
Sing disawang Sarwo becik,
Ora sumelang nadyan mung lingguh dingklik..

Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang