Garising Gusti

158 2 0
                                    

Sapa sing bisa milih,,
Suk yen lair dadi anake wong sugih..

Ora ngrasakne rekosone kerjo golek kaya,,

Ora bingung merga ora Ono sing dipangan,,

Ora kewirangan jalaran dibedakne nalika kekancan..

Tak kandhani,,

Ora Ono sek jenenge Urip kok tanpo rekasa,,

Semono uga wong sugih,
Ra mesti bakal sugih sak lawase,,

Lan wong ora nduwe bakal mlarat sak teruse,,

Kabeh kui wes digariske Gusti Kang maha Kuasa..

Aku lan Sira kudu Lila lan ngupaya,,

Lila nampani lelakon, kanthi ngupaya amrih bisa urip mulya..

Dudu sugih bandha,,  Ananging sabar narima sing njalari ayem tentrem ing ati,,

Jo mandheg olehe ndonga,,
Mugi Gusti nggampangne lakunira...


Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang