siBU

740 4 1
                                    

siBU...
Iki putramu,
sek biyen gampang mbok Lulu,
Saben turu, mesti ngejak padu,
Yen ora dituruti nesu,
Nanging, sabarmu sak duwure gunung Lawu,
Nalika ngadepi aku

siBU...
Putramu wes iso mlaku,
Nuruti ati sak karepku,
Adoh soko pangkonmu,
Nanging lakon ora biso ditiru,
Aku kesrimpet laku

siBU ..
Sawangen anakmu soyo Kuru,
Ngadepi kahanan sing lagi satru,
Nggerus ati sing kaya watu
Nanging sIBU tetep ning sandingku
Ngetutne aku

siBU.
Sanadyan aku wes dipek mantu,
Adoh soko papanmu,
Surgoku wes ora neng dlamakanmu,
Nanging tuturmu sih tak sunggi sak duwure kalbu,
Dongakno aku.. putramu...


Serdadu_frasa

Geguritan SanduTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang